Postingan

Menampilkan postingan dari April 2, 2016

bidston pengetan setahun

Tata Panembah Pengetan setahun Katimbalanipun Ibu Juwati Kupangrejo, 2 April 2016 Timbalan Ngibadah P: Puji sokur kagem kamulyaning Gusti. Ing dalu punika kita sedaya sami kabereg tetunggilan saperlu sesarengan kaliyan brayat Bapak Imam Tukiman ngengeti Pakaryanipun Gusti wekdal Gusti kersa nimbali Ibu Juwati setahun kapengker. Sumangga kita purwakani tata panembah punika mawi kita ngidung KPK B MGJ 148:1-3    NYAWISI PAPAN MRING GUSTI        1)       Gustimu kepareng mundhut papan anèng atimu resikana dimèn patut Gusti karsa lumebu Refr. : Rungokna pagandika-Nya aja padha semaya nyawisna  papan mring Gusti anèng sajroning ati 2)       Tan liya karsané Gusti mitulungi wong dosa kang  siyaga mbukak ati dadya padaleman-Nya Refr. : Votum P   :      Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Gusti, ingkang sampun maringaken kang Putra ontang-anting, nandhang sangsara lan séda kanggé kawilujenganing manungsa. Sihipun ingkang maringi pangajeng