Postingan

Menampilkan postingan dari Januari 13, 2017

paskah Adiyuswa KSBU 2017

Masa tua..masa emas Lukas 2: 25-38 2:25 Nalika semana ing kutha Yérusalèm ana wong jeneng Siméon, wong mursid, sing ngabekti marang Pangéran, lan nganti-anti, mbésuk kapan Gusti Allah enggoné paring keslametan marang bangsa Israèl. Siméon kuwi wong sing kapenuhan ing Roh Suci, 2:26 lan kaparingan wangsit déning Roh Suci, yèn ora bakal mati, sadurungé weruh Sang Mèsiah, *Mèsiah: Mèsias, tegesipun “Kang Jinebadan.”* sing dijanjèkaké déning Pangéran. 2:27 Saka panuntuning Sang Roh Suci mau, Siméon mlebu ing Pedalemané Allah, nalika Yusuf lan Maryam nggawa Sang Bayi iya mlebu ing Pedalemané Allah arep disaosaké marang Pangéran, manut prenatané agama Yahudi. 2:28 Siméon banjur nyandhak Sang Bayi mau, dibopong klawan memuji marang Pangéran: 2:29 “Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem. 2:30 Awit mripat kawula sampun ningali piyambak Juru Wilujeng peparing Paduka. 2:31 Ingkang Paduka cawisaken kanggé kawi