paskah Adiyuswa KSBU 2017



Masa tua..masa emas
Lukas 2: 25-38

2:25 Nalika semana ing kutha Yérusalèm ana wong jeneng Siméon, wong mursid, sing ngabekti marang Pangéran, lan nganti-anti, mbésuk kapan Gusti Allah enggoné paring keslametan marang bangsa Israèl. Siméon kuwi wong sing kapenuhan ing Roh Suci,
2:26 lan kaparingan wangsit déning Roh Suci, yèn ora bakal mati, sadurungé weruh Sang Mèsiah, *Mèsiah: Mèsias, tegesipun “Kang Jinebadan.”* sing dijanjèkaké déning Pangéran.
2:27 Saka panuntuning Sang Roh Suci mau, Siméon mlebu ing Pedalemané Allah, nalika Yusuf lan Maryam nggawa Sang Bayi iya mlebu ing Pedalemané Allah arep disaosaké marang Pangéran, manut prenatané agama Yahudi.
2:28 Siméon banjur nyandhak Sang Bayi mau, dibopong klawan memuji marang Pangéran:
2:29 “Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem.
2:30 Awit mripat kawula sampun ningali piyambak Juru Wilujeng peparing Paduka.
2:31 Ingkang Paduka cawisaken kanggé kawilujenganipun sedaya bangsa:
2:32 kados pepadhang ingkang madhangi marginipun bangsa-bangsa sanès, supados sami sowan dhateng Paduka. Inggih menika pepadhang, ingkang njalari umat Paduka Israèl dipun urmati déning para bangsa.”
2:33 Yusuf lan Maryam padha gumun, krungu apa sing diucapaké déning Siméon bab Bayi mau.
2:34 Siméon nuli mberkahi Yusuf, Maryam lan Sang Bayi mau, lan kandha marang Maryam: “Bocah iki dikersakaké déning Pangéran, dadi jalarané tiba lan tanginé wong akèh ing Israèl, lan dadi pratandha saka Pangéran, sing bakal dibantah déning wong akèh.
2:35 Srana mengkono bakal kabukak wewadi-wewadi sing sumimpen ana ing atiné wong akèh. Kowé dhéwé bakal ngrasakaké sedhih, nganti atimu kaya tinuwek déning pedhang sing landhep.”
2:36 Ing kono uga ana nabi wadon sing wis tuwa banget, jenengé nabi mau Hanna, anaké Fanuèl, saka taler Asyèr. Sawisé kawin pitung taun lawasé,
2:37 Hanna mau dadi randha. Umuré saiki wis wolung puluh papat taun. Hanna presasat ora tau mingsed saka Pedalemané Allah. Ana ing kono Hanna mau rina wengi ngabekti marang Gusti Allah, klawan ndedonga lan pasa.
2:38 Nalika Hanna mau iya teka ing Pedalemané Allah, banjur memuji marang Gusti Allah, sarta nyritakaké bab Sang Bayi mau marang wong kabèh, sing uga padha nganti-anti mbésuk kapan Gusti Allah enggoné arep ngluwari kutha Yérusalèm.


Kathah tiyang ingkang ngrumaosi lan ngraosaken bilih wekdal sepuh/adiyuswa punika kados2 lumebet ing pakunjaran lan mboten saged dipunendani. Tanda-taning lumebet pakunjaran mbooten saged dipun selaki. Mboten saged mlajar amargi saben kita madep kaca pangilon bab punika nyata ing sangajenging kita.


kathah ingkang nyobi mboten purun nampeni kahanan dados sepuh, amargi kasawaban dening kabudayan ingkang ngajeni lan ngaosi bilih badan wadag ingkang sampurna punika nalika taksih anem...atletis...sitpact...endah.
kamangka kita ugi mangertosi bilih kathah kabudayan ingkang ngaosi para sesepuh. ...tampu nalikanipun ingkang sepuh ingkang rumaos lan ngrumaosi kasepuhanipun.

Kita mangertos bilih kita badhe mancik dados sepuh nalikanipun sampun lair ing jagad. Nalika bayi kita wiwit sepuh...pramila sejartosipun mokal menawi kita badhe ngendani kawontenan dados sepuh. ...ingkang penting inggih..kados pundhi dados tiyang sepuh lan mlebet yuswa sepuh kanthi manah ingkang bingah.


pencawisan supados mlebet yuswa sepuh kanthi bingah karaos awrat nalikanipun  budaya kapitalistik langkung ngaosi  nilai produktivitas, lan mboten ningali bab kontribusi ingkang sampun kaparingaken. Rumiyin tiyang sepuh kaanggep dados nara sumber, parampara/paranpara,ensiklopedia berjalan,  tiyang pinter, kathah pengalaman lan ilmunipun. Pramila kathah tiyang sepuh dipun padosi,,,diuber senajan mapan ing papan ingkang tebih. Dinten punika  punapa tiyang sepuh taksih dipun betahaken nalika sampun wonten mbah google. Sanajan taksih sekedhik...nanging mbenjangipun sedaya sami madosi mbah google kangge taken bab punapa kemawon.

padahal kawontenan dados sepuh menika bakal dipun alami dening sedaya tiyang...lan punika dados masa depan sedaya tiyang....klentu ageng menawi kita dados tiyang ingkang kirang nggatosaken para tiyang sepuh. Amargi kita ugi mesti dados tiyang sepuh mangkenipun.

nalika kita kepengin nyawisaken mangsa kasepuhan kanthi wicaksana, kita kedah wiwit caos raos urmat datheng para sesepuh. Sumangga kita dadosaken para sepuh dados gambaran para nabi. Ibrani 13:7.
13:7 Padha élinga marang para panuntunmu, sing biyèn mulang kowé bab pangandikané Allah. Padha élinga kepriyé lelakoné nganti tekan matiné, sarta nulada marang kaprecayané wong-wong mau.
Ngaosi ingkang sepuh, punika piwulang saking kitab ibrani. Mboten nyepelekaken ingkang sepuh. Tiyang sepuh dados sumber berkah.


dados miturut permengungan kula mlebet mangsa adiyuswa sanes mlebet ing pakunjaran. Menika metafor ingkang mboten gadhah pangajeng-ajeng. Mbutuh nuwuhaken pangajeng-ajeng. Kula langkung remen metafor...masa tua masa emas.  Ingkang dados tema kita.
Sanajan jaman samangke kados2 ndesek kita para kasepuhan kados2 dados generasi ingkang sampun migunani malih....lan menawi kita kirang waspada saged ndadosaken kita nglemprek...tanpa daya.

Asring ingkang nyobi negesi masa tua masa emas...amargi samangke kathah wewengan kangge pleserin lan kangge hobi...sejatosipun...mboten ing babagan punika kemawon...kita kedah ngisi masa tua masa emas ing sedaya babagan. Mboten babagan plesiran lan hobi kemawon. Wiwit saking rasa syukur...wiwit ugi saking kesehatan...lan sanes2ipun.


Hasil survey:
Anda memasuki usia kebahagiaan sejati.
Para peneliti mengatakan bahwa  banyak dari mereka yang telah lulus di usia setengah abad mereka lebih menikmati hidup mereka - nyaman dan puas dengan nasib mereka.
Ini mungkin karena mereka memiliki ketenangan pikiran setelah lunas dari semua hipotek/tagihan mereka, mendapati anak2 mereka bersama mereka atau  menikmati dan menghabiskan lebih banyak waktu dengan kekasih, dengan orang atau teman-teman mereka.

Survei ini mempertanyakan sample hampir 1.500 orang berusia 50 keatas. Hasilnya:

1)    Ini menemukan 4 dari 10 lebih puas dengan dibandingkan kehidupan mereka dari pada periode sebelumnya.

Kebanyakan Mereka  mengakui menikmati rasa prestasi dari karir dan kebanggaan saat melihat dan  memiliki anak-anak yang memiliki karir tetap yang mereka pilih.

Lebih banyak waktu untuk dihabiskan dengan keluarga dan kehidupan sosial yang aktif juga faktor kunci.

2)     hampir 2/3 (dua-pertiga) dari mereka yang berusia lima puluhan merasa lebih percaya diri dari sebelumnya.

3)    Dan 85 persen mengatakan hal-hal yg untuk dikhawatirkan ketika di usia dua puluhan dan tiga puluhan tidak lagi penting.

4)    Lebih dari 1/3 (sepertiga) mengatakan mereka tidak lagi terganggu oleh kekhawatiran atas bentuk tubuh mereka atau gambaran ideal tentang tubuh atletis.


Warning untuk kita:
Dari mereka yang tidak bahagia, lebih dari ½ (setengah) mengatakan mereka khawatir tentang keuangan mereka atau kesehatan mereka, dan lebih dari 1/3 sepertiga khawatir tentang keuangan anak-anak mereka.

Kekhawatiran tentang hubungan dengan anak dan kekhawatiran tentang perawatan dan kesehatan mereka sendiri itu juga menghentikan mereka untuk merasa benar-benar bahagia.

Penelitian itu dilakukan oleh bisnis asuransi. Seorang juru bicara dari perusahaan tsb mengatakan: "Hal ini membesarkan hati sebab ditemukan begitu banyak mereka yang berusia di atas 50 th merasakan dan dapat menjadikan  waktu mereka sbg yang paling berharga dari hidup mereka.

'Dengan harapan hidup meningkat, menjadi 50 dianggap relatif muda pada  hari ini.
"Dan jika orang-orang telah mampu mempertahankan gaya hidup sehat dan mampu merencanakan keuangan mereka, mereka mungkin akan mulai merasakan manfaat dari upaya mereka. 
Dengan 50 tahun kerja, keuangan rumah tangga dapat mulai terlihat sedikit lebih sehat.
'Mungkin ada sedikit uang lebih untuk dibelanjakan pada liburan dan hobi, daripada bekerja semata-mata untuk membayar tagihan, utang dan hipotek.' 

Juru bicara itu menambahkan: 'Menjadi orang tua datang dengan tanggung jawab besar. Meskipun Anda tidak pernah berhenti mencemaskan anak-anak Anda, banyak orang tua mengalami rasa lega ketika anak-anak menetap, dan mereka dapat mulai untuk mengejar kepentingan mereka sendiri. " 

Menurut penelitian, faktor kunci untuk usia tua yg puas adalah :
 Berada dalam kesehatan yang relatif baik; memiliki lebih banyak waktu untuk menikmati hidup; 

berada di posisi keuangan yang relatif baik;

 memiliki hubungan yang lebih kuat dari sebelumnya; 

menjadi nyaman dengan tubuh Anda; 

menjadi senang dengan prestasi hidup; setelah hipotek lunas; 

mengetahui apa yang Anda inginkan dari kehidupan; mengambil banyak libur; 

mengejar hobi dan minat; 

menjadi nenek dan kakek,

memiliki kehidupan sosial yang besar; 

mengambil pensiun dini sukarela; 

memiliki teman lebih dari sebelumnya.


Ananging...kita kedah mangertos bilih saben wekdal menika wonten sisi lebih lan sisi kirangipun. Saben masa menika wonten kakiyatan lan karingkihanipun.

dados...tinimbang kita digubed raos ajrih amargi yuswa sepuh mending kita langkung fokus datheng sisi positipipun. Mistikus  Jesuit Pierre Teilhard de Chardin paring pitedah wicaksana kangge kita.....sairing kaliyan sangsaya kirangipun daya fisik ing yuswa sepuh...prayogi menawi kita wiwit langkung ngiyataken daya karohanen kita. Gesang langkung kathah kita isi kaliyan langkung nyaket kaliyan Gusti. Ringkihing fisik dipun tingali kanthi cara soteriologis...minangka tanda katresnaning Gusti tumrap kita. Sinau nresnani Gusti tanpa syarat....ing sadaya kawontenan...tanpa syarat manekawarni anggenipun sinau pasrah.

Wawasan endah saking Teilhard menika mujudaken satunggaling tatantangan ingkang ngajrih-ngajrihi. Inti kebijaksanaan mistik Teilhard punika inggih bilih saben kasisahan lan karingkihan amargi yuswa sepuh menika dados pakaryan ilahi kangge kita. Menika ugi dados pekerjaan rumah ingkang sekaligus dados tugas ilahi tumrap kita. 

tugas rumah ingkang sekaligus dados tugas ilahi kita ...contonipun....Salah satu tugas tersebut bisa menjadi rutinitas sehari-hari minum obat. Pil Harian engkang kedah kita minum  saged kita bandingaken kaliyan kewajiban ndedonga saben dintenipun. Para tiyang sepuh ingkang kedah ngunjuk obat saben enjang..siang lan sonten saderengipun sare, ingkang mboten ngremenaken...katambahi spiritualitas tiyang jawi. Bilih jampi menika kedah kadongakaken. Pandonga2 alit nalika ngunjuk obat menika sangsaya ndadosaken kita linangkung celak kaliyan gusti.  Ingkang sewau dados kewajiban ingkang mbosenaken dados satunggaling prekawis ingkang adi.

Punika mujarab kangge mencegah penyakit kuna anggen dados tiyang sepuh. Punapa penyakit kina dados tiyang sepuh?
duri ketidaksabaran, lekas marah lan sensitif, wajah dan sikap murung tanpa alasan, sinisme lan pesimis, kritik pada para muda, lan sanes2ipun. 

Prayogi menawi saking wiwitan kita sampun sumadya ngadepi yuswa sepuh, kanthi nggadahi ikrar mboten badhe menikmati salah satunggal saking sakit kina kalawau.

Salajengipun kita kedah wantun instropeksi saking salah satunggal saking penyakit kina kalawau. Amargi menawi sampun kenging terinfeksi lajeng dipuntindakaken teruas-terasan...makaping-kaping...sampun ngantos kedah ngadepi operasi lan diamputasi.  Sebab nalika kita tanpa sadar bab menika lan mboten kita waspadai kita bakal ngraosaken kerugian buat diri sendiri.

dados para sepuh..sesepuh ingkang bermartabat....tanpa gampil nyerah dhateng kawontenan. Nindakaken prekawis padintenan kanthi sumarah dan bingah.
Mbok bilih menawi pancen kabetahaken kita ugi kedah sinau tinarbuka nampoeni panbiyantu tiyang sanes utawi alat bantu sanes....tongkat..alat bantu dengar..lan sanes2ipun..

sufi Islam  Rumi paring pitedah : "Selama kesulitan dalam hidup Anda anda pelajari bak pelajaran kimia,  Anda akan menerima masalah apa pun yang ada pada Anda...dan itu akan membuka sebuah pintu terbuka"  kimia rahasia mengubah apa-apa tidak berharga menjadi emas, membuka pintu bagi Anda untuk melihat bahwa kebutuhan memalukan Anda memberikan kesempatan bagi orang lain untuk mendapatkan hadiah yang penuh rahmat dengan mau menjadi pengasuh. 

Teilhard ugi mengusulkan supados ing kamar mandi wonten cermin....menika ugi kita dadosaken dados cermin mistis kangge mbereg kita nresnani badan fisik kita  lan nresnani badan fisik kita ing yuswa sepuh. ." Sebuah tantangan besar dan mulia adalah untuk jatuh cinta dengan tubuh dan pikiran yg mulai memudar, dan belajar mencintai hari yg berkurang, mencintai hariyg  tersisa dalam hidup Anda. 

dados...yuswa sepuh sanes penjara. Masa tua masa emas. Punika wekdal ingkang endah kangge nyuwun pangapunten, wekdal kangge raos panuwun sukur lan ndedonga, wekdal kangge ngidung lan wekdal kangge nyariyosaken masa-masa lalu. Kangge paring berkah dateng para anem..anak putu. Kados simeon lan hana. Amin.


Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009