Renungan tgl 25 April 2010
Pangandika tgl 25 April 2010 Ingkang utami mboten tanda. Kis. 9:36-43; Mzm. 23; Why. 7:9-17; Yoh. 10:22-30 Pengantar Saksampunipun Kristus wungu lan sumengka, sawabipun menika mboten sangsaya mboten ketingal/sirna. Kosokwangsulipun, sawabipun Kristus sangsaya moncer lan saged dipun raosaken dening tiyang pitados. Tumraping pasamuan wiwitan, sawabipun Gusti ingkang wungu lan sumengka menika karaosaken kangge ngekahaken kawontenaning pasamuan ingkang nembe kabentuk. Sawabipun menika karaosaken ing satengahing pergumulan saha problem ing satengahing pasamuan. Kita mangertosi lumantar injil bilih nalika Gusti ngetingal menika tansah dipun kantheni mawi pakaryan-pakaryan ingkang milujengaken. Pakaryanipun ngekahaken pasamuan ingkang saweg mangu-mangu, saweg ing satengahing kaprihatosan. Kanthi mekaten iman pasamuan kakekahaken. Kapitadosan dipun rimati. Waosan minggu kalawingi kita nampi cariyos bab rawuhipun lan kawigatosanipun Gusti nalika para sakabat saweg pados ulam...