Renungan tgl 25 April 2010

Pangandika tgl  25 April 2010
Ingkang utami mboten tanda.
Kis. 9:36-43; Mzm. 23; Why. 7:9-17; Yoh. 10:22-30
Pengantar
Saksampunipun Kristus wungu lan sumengka, sawabipun menika mboten sangsaya mboten ketingal/sirna. Kosokwangsulipun, sawabipun Kristus sangsaya moncer lan saged dipun raosaken dening tiyang pitados. Tumraping pasamuan wiwitan, sawabipun Gusti ingkang wungu lan sumengka menika karaosaken kangge ngekahaken kawontenaning pasamuan ingkang nembe kabentuk. Sawabipun menika karaosaken ing satengahing pergumulan saha problem ing satengahing pasamuan. 
Kita mangertosi lumantar injil bilih nalika Gusti ngetingal menika tansah dipun kantheni mawi pakaryan-pakaryan ingkang milujengaken. Pakaryanipun ngekahaken pasamuan ingkang saweg mangu-mangu, saweg ing satengahing kaprihatosan. Kanthi mekaten iman pasamuan kakekahaken. Kapitadosan dipun rimati.  Waosan minggu kalawingi kita nampi cariyos bab rawuhipun lan kawigatosanipun Gusti nalika para sakabat saweg pados ulam (Yoh. 21:6-7). Srana seda lan wungunipun, rawuhipun Gusti mboten malih kawatesi dening ruang lan waktu. Minangka Gusti, Yesus makarya kanthi mboten winates malih dening wekdal lan papan. Saumpami Gusti mboten seda lan wungu sampun tamtu pakaryanipun winates dening wekdal lan papan. Rumiyin sesambetan winates sacara fisik lan naming datheng para sakabat, samangke kristus sesambetan mboten sacara fisik lan kaliyan sedaya mendanipun. Kristus dados “yang maha-hadir” (omnipresent). Matemah kanthi rawuhipun Gusti saged milujengaken ing sadaya papan lan wekdal kanthi sacara efektif. Tamtunipun tumrap tiyang pitados ingkang pasrah lan sumarah datheng panjenenganipun.
Nelayan ingkang kajangkepi mawi panguwaos.
Pekerjaan dan kedudukan nelayan wonten ing gesang padintenan Israel menika sanes kedudukan ingkang terhormat. Nelayan sinebat “
amme ha-aretz” ingkang sacara harafiah ateges “rakyat jelata”/wong cilik. Tiyang ingkang mboten nate nampi sekolah ingkang inggil tataranipun. Limrahipun tiyang ingkang mboten terpelajar menika mboten gampil menawi badhe nampi ewah-ewahan. Langkung remen menawi gesang tanpa goncangan, wegah sinau malih. Anehipun para sakabat mboten makaten. Saksampunipun Gusti wungu, para sakabat lajeng nampi kawruh, pangertosan lan karisma/karunia/peparing iang kang ngedap-edapi.
Ing Para rasul 5:26-42 nyariosaken kadospundi para nelayan menika saged wawanrembag lan atur wangsulan dating sedaya pitakenanipun Sanhedrin (MUI/Dewan Rakyat Israel), lan ndadosaken Sanhedrin mboten saged menapa-menapa malih. Ing Para rasul 9:32-35 kita ningali kadospundi  Petrus saged nggadahi panguwaos ageng ingkang ndadosaken saged nyarasaken  Eneas ingkang lumpuh sadangunipun 8 tahun. Langkung menjila malih ing Para Rasul 9:36-41  Petrus kanthi panguwaos wungunipun Gusti saged nangekaken Tabita ingkang sinebat Dorkas. Panguwaosaipun Gusti nganthi dating peladosanipun Petrus, matemah nyagedaken Petrus nindakaken mujijat kathah. Nindakaken mujijat ingkang mboten saklimrahipun. Kangge nangekaken Tabita Petrus ndedonga lajeng ngendika kados pangandikanipun Gusti nalikanipun nangeaken Lasarus. Pandonga saha pangandikanipun Petrus  saestu wonten panguwaosipun. Tabita matemah tangi/wungu, njenggelek. Menika dipun gadahi dening tiyang ingkang sinebat wong cilik/rakyat jelata. Saumpamia para sakabat mboten gadah panguwaos kados makaten sampun tamtu sejarah pasamuan bakal ambles mboten wonten tilasipun.
                Adedasar lelampahan ingkang makaten kita sedaya saged ningali bilih Kristus ingkang wungu menika sampun paring panguwaos/karunia/peparing dating para sakabat. Dados mujijat ingkang katindakaken dening petrus menika mboten sanes inggih mujijat ingkang katindakaken dening Gusti Yesus piyambak. Mujijat ingkang katindaaken dening Petrus tamtu sanes medal saking kakiyatanipun Petrus piyambak, nanging menika saking Gusti Yesus. Petrus naming adapuk dados srana, lantaran, wadah kemawon. Lan menika dipun rumaosi dening petrus saha para sakabat sanesipun, matemah mboten lumampah Kultus individu dating Petrus utawi sakabat sanesipun.
Kesadaran naming dads srana,lantaran, wadah, menika spiritualitas/kerohanian ingkang dipun gadahi dening Petrus lan para sakabat. Kanthi mekaten petrus lan para sakabat sanesipun mboten dawah “rumaos onjo” rumaos ingang paling inggil saha istimewa nalika gesang sesarengan minangka pasamuan. Kanthi mekaten pasamuan saestu lumampah sacara leres, Kristussentris. Gesang murih kagem kamulyanipun Kristus.
Kasaenanipun Tabita ingkang ndadosaken katangekaken?
Menawi kita ningali kanthi estu Para Rasul. 9:36-40, kita saged nitik sinten menika Tabita/Dorkas. Tabita/Dorkas sampun kathah nindakaken kasaenan dating sesame. Krana peladosanipun, wekdal Tabita katimbalan kathah tiyang rumaos kecalan. Lan pawarta bab sedanipun menika enggal sumebar di sedaya wilayah. Para murid ingkang pireg menawi Petrus saweg ing Yope enggal kasuwun rawuh. (Para rasul. 9:38). Nalika Petrus sampun rawuh, Petrus miesani kathah tiyang saweg nangisi jisimipun Tabita, lan tiyang-tiyang menika sami ngetingalaken rasukan paringanipun Tabita. (Kis. 9:39). Punapa amargi Tabita mujudaken tiyang ingkang sae pramila Petrus purun ndongakaken? Kitab Para Rasul menika pancen ngakeni menawi Tabita tiyang ingkang sae, tiyang ingkang sampun migunani tumrap gesangipun tiyang sanes. Lan menika ndadosaken kathah tiyang purun sesarengan kaliyan Petrus ndedonga sesarengan. Lan kthah tiyang menika sami nyengkuyung manapa ingkang dados pandonganipun Petrus. Ananging kula kinten mboten menika ingkang ndadosaken Gusti kersa njurungi pandonganipun Petrus. Kita tingali waosan sacandakipun. Pawarta menika lajeng sumebar lan dipun tampeni kathah tiyang, lan tiyang-tiyang menika lajeng dados pitados. Menika ingkang wigatos. Dados Gusti kersa ngagem prastawa sedanipun Tabita kaagem kangge nggelaraken injil. Supados pasamuan sangsaya bakoh ing jagad.
                Dadosipun sedaya mujijat menika sejatosipun kangge ngekahaken kawontenanipun pasamuan. Menika ugi tdados tanda menawi Gusti ingkang sampun wungu kersa ngetingalaken karawuhanipun lumantar Mujijat, kersa nresnani pasamuan lumantar nagekaken Tabita.
Dados prastawa menika dados tanda. Tanda Gusti kersa Rawuh lan makarsa lan nresnani ing satengah-tengahing pasamuan. Minangka tanda pramila mboten saged dipun ugemi utawi dipun jagegkaken bilih menawi Gusti rawuh, nresnani menika mesti kakantenan mawi wontenipun mujijat. Mboten. Amargi ing sejarah pasamuan salajengipun, kathah para sakabat ingkang dados martir ananging lajeng mboten nampi mujijat dipuntangekaken.
Kita kedah saged mbedakaken menapa menika tanda lan menapa ingkang dipun tandakaken. Sampun ngantos kita worsuh bab menika. Ingkang baken kita samangke sampun pikanthuk menapa ingkang dipun tandani: Inggih Kristus ingkang wungu ingkang tansah rawuh lan tansah nresnani pasamuan.
Ngadepi bebaya.
Pakaryan saha panguwaosipun Gusti ing gesang padintenan kita tansah kita tampi ing gesang padintenan kita. Menika nyata adedasar paseksi ing Jabur 23. Gusti mboten naming njagi lan nlestantunaken berkah kangge kabetahan gesang kita. Nanging langkung saking menika, Gusti ugi kersa tetap paring ayem nalika kita wonten ing satengahing bebaya lan kaancam bilai.
Panganti saha berkah ingkang wetah dipun paringaken dateng kita. (Jabur 23). Punika langkung jangkep nalika kita sampun gadah sesambetan ingkang leres lan sae kaliyan Gusti. Punika ingkang sampun kita tampeni. Pramila gesang kita dados rumaos ayem amargi Gusti sampun makarya komplit kangge gesang kita.
Pitakenan kangge kita, sepinten kualitas sesambetan kita kaliyan Gusti, supados kita estu saged ngraosaken pangani saha pangrimatipun? Menika ingkang baken. Kitab Wahyu 7 nyariyosaken bilih wonten kempalan ageng tiyang pitados ingkang sami asuka rena asurak-surak ngluhuraken asmanipun Gusti.: "Keselamatan bagi Allah kami yang duduk di atas takhta dan bagi Anak Domba!" (Why. 7:10).  Padahal kumpulan orang banyak yang tidak terhitung banyaknya itu adalah arwah dari orang-orang yang telah meninggal sebagai seorang martir atau saksi Kristus. Di Why. 7:13 seorang dari tua-tua dalam Kerajaan Sorga bertanya: “Siapakah mereka yang memakai jubah putih itu dan dari manakah mereka datang?" Jawabannya adalah: "Mereka ini adalah orang-orang yang keluar dari kesusahan yang besar; dan mereka telah mencuci jubah mereka dan membuatnya putih di dalam darah Anak Domba” (Why. 7:14). Kempalan ageng menika kabentuk saking tiyang-tiyang ingkang mbokbilih mboten nampeni tanda kadosdene Tabita, utawi lasarus utawi ingkang sanes. Dados senaosa tiyang-tiyang menika wekdal taksih sugeng ngraosaken panandang kaprihatosan ingkang ageng, malah ngadepi bebaya bilai, ananging pungkasanipun tiyang-tiyang menika sami ngraosaken kawilujengan sampurna. Amargi tiyang-tiyang menika sampun nampeni menapa ingkang dipuntandani, inggih Gusti ingkang wungu, ingkang makarya lan nresnani. Amargi kempalan ageng tiyang menika sampun gadah relasi, utawi sembetan ingkang leres saha sae kaliyan Gusti Yesus.
Wonten ing mriki kathah tiyang Kristen sami kejeglong, dawah. Amargi naming nengenaken tanda, mboten ingkang dipuntandani. Kathah kabimbangan, raos mangu-mangu amargi mboten nampi tanda arupi mujijat, nampi pangayoman nalika nampi bebaya. Kaancam dening bilai. Raos Mangu-mangu menika kagambaraken dening para sakabat ing Yokanan 10:24:” "Berapa lama lagi Engkau membiarkan kami hidup dalam kebimbangan? Jikalau Engkau Mesias, katakanlah terus terang kepada kami" (Yoh. 10:24).
Kristus sampun paring tanda kathah, Injil paring paseksi bab Kristus ingkang makarya. Samangke kantun manungsa, kadospundi paring wangsulan saking sakatahing tanda ingkang sampun kaparingaken.
Menawi makaten, kadospundi sikap saha patrap kita nalika kita ngadepi panandang nanging mboten ugi nanmpi tanda? Kita mboten dipun sarasaken, kita mboten dipuntangekaken kadosdene Tabita. Punapa kita bakal kuciwa lan mboten pitados malih?
Timbalan.
Saged wiwit kita bundeli: Kristus estu sampun rawuh, makarya lan nresnani. Gusti ugi sampun kathah paring tanda. Kita mboten saged mestekaken bilih Tanda menika kedah lumampah ugi ing gesang kita. Ingkang baken kita sampun nampi Gusti. Kita sampun gadhah sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti. Kita sampun nampi isining tanda. Ingkang penting sampun kita tampeni. Rahayu tiyang ingkang taksih lestantun ing pitados sanajan kedah ngadepi panandang lan bebaya nanging tetep bakoh ing pitados. Amin.

Waosan: Kis. 9:36-43
PSR: Mzm. 23
PGE:  Why. 7:9-17
Piss:  Yoh. 10:22-30
KPK BMGJ  no 14:1;  269:1-3;  147:1-2:  279:1-3;  274:1-; 269:1+5;  269:4.

Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009