bidston pengetan setahun

Tata Panembah
Pengetan setahun Katimbalanipun
Ibu Juwati

Kupangrejo, 2 April 2016


Timbalan Ngibadah
P: Puji sokur kagem kamulyaning Gusti.
Ing dalu punika kita sedaya sami kabereg tetunggilan saperlu sesarengan kaliyan brayat Bapak Imam Tukiman ngengeti Pakaryanipun Gusti wekdal Gusti kersa nimbali Ibu Juwati setahun kapengker. Sumangga kita purwakani tata panembah punika mawi kita ngidung

KPK BMGJ 148:1-3   NYAWISI PAPAN MRING GUSTI       

1)      Gustimu kepareng mundhut papan anèng atimu
resikana dimèn patut Gusti karsa lumebu
Refr.: Rungokna pagandika-Nya aja padha semaya
nyawisna  papan mring Gusti anèng sajroning ati
2)      Tan liya karsané Gusti mitulungi wong dosa
kang  siyaga mbukak ati dadya padaleman-Nya
Refr.:

Votum
P   :      Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Gusti, ingkang sampun
maringaken kang Putra ontang-anting, nandhang sangsara lan séda kanggé kawilujenganing manungsa. Sihipun ingkang maringi pangajeng-ajeng énggal tansah karentahaken kangge kita.
U     :   (ngidungaken) Amin, amin, amin.

Salam
P          :   Sih-rahmat, kadarman, lan katresnanipun Gusti Yésus nunggil kaliyan
para sedhèrèk.
U     :   Ugi nunggil kaliyan panjenengan.

         Pasamuwan lenggah
Pamaosing Masmur 11:5-7

11:5 Allah ndadar marang wong mursid lan marang wong jahat, Panjenengané gething marang wong sing dhemen nganiaya.
11:6 Wong ala padha diudani geni mawa lan lirang; sarta diganjar angin sing panas.
11:7 Merga Allah iku adil, lan rena marang kabeneran; wong sing barès atiné bakal ndeleng marang wedanané Allah.

         Pasamuwan ngidungaken KPK BMGJ 264:1-3

MANDENG SALIB   do=f   4 ketuk

1)         Srana mandeng salib ing Sang Kristus Gusti salir tyang darbé gesang yekti,
wit Putraning Allah wus sinalib séda ngrembat laknat dosaning jagad
Reff :
Swawi dèn pandeng srana mandeng salibing Sang Kristus Gusti salir tyang darbé gesang yekti.
2)         Srana mandeng salibing kurban sejati, salir tyang gesangnya raharja,
was sumelang wah ajrih wus tan ndayani, wit winengku rahmating Gusti,
Reff :
3)         Srana mandeng salibing Panebus yekti, salir tyang gesangnya utami,
tansah ngarah kasampurnan anèng swargi, nilar sagunging gesang lami,

Peladosan Sabda

Pangaken Pitados
M         :Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing sauruting abad lan papan, mangga
kita ngénggalaken kapitadosan kita srana ngucapaken Pangaken
Pitados Rasuli.

         Pasamuwan lenggah

Donga Safaat
(dening PF)

Pisungsung
M         :Awit pangurbananipun Gusti Yésus, mangga kita nélakaken pepenginan kita misungsungaken gesang kita kagemPanjenenganipun lantaran pisungsung sokur ingkang badhé kita aturaken kanthisukarena adhedhasarSabdanipun: “Padhan gidungna masmur kagem Sang Yèhuwah, he para wong kang dikasihi, sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmané kang suci!” (Mas 30:5)

         pasamuwan ngaturaken pisungsung kanthi ngidungaken
KPK BMGJ 261:1-3

TINEBUS BABAR PISAN              do = C  9ketuk

1)         Uwal sing laknat kabegjan kita Gusti wus séda ambirat dosa temah luwar sing paukuman pangluwaran babar pisan
Reff :  
babar pisan dènnya nulungi babar pisan dènnya ngasihi rumaketa ing pamenthangan mesthi luwar babar pisan.

2)         Saiki kita padha mardika Gusti wus nanggel ing slamet kita, linuputken sing karusakan sinucèken babar pisan,
reff :

3)         Putrané Allah sebutan kita kang tilas nyatru pinundhut putra, kang pinaringan urip anyar wit tinebus babar pisan,
reff :

         Pasamuwan jumeneng

M         :(nyaosaken pandonga pisungsung)

Pangutusan
PF        :Mangkené pangandikané Sang Yèhuwah, Juru  Panebusmu,  kang Mahasuci, Allahe Israèl: "Iya Ingsun ikiYèhuwah, Allahira, kang mulang marang sira apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati. Menawa sira nggatekaké marang dhawuh-dhawuhing-Sun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau lèrèn.” (Yésaya 48 : 17-18)

PasamuwanngidungakenKPK BMGJ 256:1-4

1)         Mandeng Yésus yéku Gusti   
kang sinalib wah ngemasi      
sirna gumunggunging ati        
nging ngorong mring urip suci.

2)         Nèng ngarsèng salibing Gusti
drajad, bandha tan pangaji
kang utami wung sawiji
gesang lan wilujeng yekti


Berkah
PF   :    Mugi anggènipun Gusti Yésus Kristus sumujud dhateng Sang Rama
maringi panjenengan tuladha nglampahi gesang minangka tiyang Kristen ingkang sejati salebeting pangangen-angen, pitembungan, lan pandamel. Temah panjenengan badhé ngraosaken kamulyan ingkang langgeng wonten ing KristusYésus, Gusti kita.
U.        :AMIN
PF        :Mundura wonten asmanipun Allah, ingkang nitahaken langit lan bumi;
Kristus Yésus Sang Prajanjian énggal;lan Roh Suci, ingkang mbikak mripat lan manah panjenengan. Amin.
U     :   (ngidungaken) HOSIANA [5x] AMIN [3x].


Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009