tata ibadat 2

12. TATA PANEMBAH MINGGU
Model 2

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
            ( Pasamuwan jumeneng )
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Sumangga kita ngabekti dhumateng Gusti kanthi suka-bingah saha sowan wonten ing ngarsanipun klayan memuji Asmanipun.
Utawi sanesipun.

               Pasamuwan: Memuji …………………..
               Pelados:
               Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para Sadherek (kita) sadaya.
            ( Pasamuwan lenggah )

        2.   IRAH-IRAHANING PANGABEKTI (INTROITUS)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Pasamuwan ingkang kinasih, sumangga kita sami nyuwun pangapunten dhumateng Gusti srana pandonga: ”…………………..”.

        4.   PAWARTOS PANGAPUNTEN
               Pelados:
               Pinujia Asmanipun Allah ingkang suci, awit saking katresnanipun, Panjenenganipun lestantun migatosaken kabetahan kita.
            Panjenenganipun lestantun mratelakaken sih-kamirahanipun dhateng kita sadaya. Mekaten ugi ing dinten punika, Gusti karenan mujudaken sih kanugrahanipun kados dhawuhipun ingkang mekaten: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji ………………….. ( Pasamuwan jumeneng)

        5.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
                 - Waosan 1 (dening Pinituwa)
                 - Waosan 2 (dening Pinituwa)
                 - Masmur wangsulan (dening Pelados)        
                 - Waosan 3 (dening Pelados)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin,amin,amin.
                 ( utawi sanesipun)
                     KOOR
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pasamuwan: Memuji …………………..
               g.  Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)

               KOOR

        6.   PANDONGA  SAFAAT
            Pandonga safaat saged dipun tindakaken mawi kalih cara, inggih punika:
            1.  dipun tindakaken dening Pelados Pangabekti, piyambak lan utawi kanthi sesautan;
            2.  menawi kanthi sesautan, prayogi kados ing ngandhap punika.
               Pelados:
               Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga, Asma Tuwan mugi kasucekna. Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana, kadosdene wonten ing swarga, inggih makatena ugi wonten ing bumi. Mugi kawula sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Tuwan mugi ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukaken dhateng panggoda, mugi sami Tuwan uwalaken saking pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan langgeng salaminipun.
            Dhuh Gusti, mugi karsa mujudaken sih kanugrahan Paduka.
               Pasamuwan:
               Mugi paring kawilujengan dhateng kawula
               Pelados:
               Mugi mratelakaken kaadilan lan leleresan Paduka, wonten ing antawising umat Paduka punika.
               Pasamuwan:
               Temah kawula lestantuna memuji Asma Paduka kanthi suka-bingahing manah.
               Pelados:
               Mugi paring pirukun ing donya punika.
               Pasamuwan:
               Awit kawilujengan kawula punika, namung wonten ing sih katresnan Paduka piyambak.
               Pelados:
               Gusti, mugi paring pangayoman dhateng negari lan bangsa kawula.
               Pasamuwan:
               Mugi nuntun kawula wonten ing margi leleresan tuwin kaadilan Tuwan.
               Pelados:
               Mugi mulang kawula supados tansah ngrimati papan pigesangan punika minangka titah Paduka ingkang adi.
               Pasamuwan:
               Temah kawula saged manggih karaharjan.
              
Pelados:
               Mugi ngerobi kawula srana Roh Paduka, temah kawula kuwawi mujudaken rancangan tuwin karsa Paduka ingkang suci, wonten ing alam donya punika. Amin.

        6.   PISUNGSUNG SUKUR
               Pasamuwan: Memuji …………………..
               Pandonga

        7.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados:
               Sumangga kita wangsul kanthi suka lan bingah, saha makarya ing papan panyambut damel kita piyambak-piyambak kanthi setya lan estu. Temtunipun kita ugi rumaos bilih kabingahan tuwin kasisahan punika minangka kanyatan wonten ing pigesangan kita saben dinten. Ewasamanten, Gusti ugi prajanji paring kekiyatan lan kesagedan tuwin lestantun nunggil saha paring berkah dhateng kita sadaya.
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        8.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

13.        TATA PANEMBAH MINGGU
Model 3

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
               (Pasamuwan jumeneng)
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados: …………………..

               MINGGU LIMRAH
               Punika dinten ingkang tinemtokaken dening Gusti, pramila sumangga kita pahargya kanthi suka bingah. Awit srana pangawasanipun Rohing Allah, para tiyang badhe sujud-manembah dhumateng Sang Rama minangka Allah ingkang sejatos, kados ingkang kinersakaken dening Sang Rama piyambak.

               MINGGU ADVEN
               (Markus 13 : 35 - 36);
              35. Mulane padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekane kang duwe omah mau, ngarepake bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk.
           36. Iku supaya manawa dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu.
Utawi

               (Yesaya 40 : 3)
               Ana swara kang nguwuh-uwuh: ”Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita ana ing ara-ara samun!

WEKDAL NATAL
               (Lukas 2 : 11 - 12)
              11. Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kutane Dawud.
           12. Dene kang minangka tengeran marang kowe, mangkene: Kowe bakal mrangguli bayi kagendhong sumeleh ing pamakanan.

               WEKDAL PASKAH
               (Yesaya 53 : 6)
               Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.

utawi.

               (Yesaya 53 : 3)
               Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kang kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.
               Pasamuwan: Memuji
               Pelados:
            Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng kasetyanipun.
            Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sedherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.
            ( Pasamuwan lenggah )

      2.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
            Sumangga kita sami sowan wonten ing ngarsanipun Gusti, Allah  Sang Rama ingkang Mahaasih, saperlu nyenyuwun pangapunten awit saking sadaya panerak ingkang sampun kita tindakaken ing gesang padintenan. Sumangga sami dedonga piyambak-piyambak wonten ing salebeting batos.
            Sidhem
            Pelados: (dedonga nyuwun pangapunten)
       
        3.   PAWARTOS PANGAPUNTEN
               Pelados:
            Para sadherek Gusti karsa paring pangapunten dhateng kita sadaya, Mekaten dhawuhipun: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji ………………….. ( Pasamuwan jumeneng)

      4.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin,amin,amin.
                 ( utawi sanesipun)
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pasamuwan: Memuji …………………..
               g.  Pangaken Pitados dening Pinituwa, ( Pasamuwan jumeneng)
            (KOOR)

        5.   PANDONGA SAFAAT ( Pasamuwan lenggah )
            Pandonga safaat saged dipun tindakaken mawi kalih cara, inggih punika:
            1.  dipun tindakaken dening Pelados Pangabekti, piyambak lan utawi kanthi sesautan;
            2.  menawi kanthi sesautan, prayogi kados ing ngandhap punika.
               Pelados:
               Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga, Asma Tuwan mugi kasucekna. Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana, kadosdene wonten ing swarga, inggih makatena ugi wonten ing bumi. Mugi kawula sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Tuwan mugi ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukaken dhateng panggoda, mugi sami Tuwan uwalaken saking pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan langgeng salaminipun.
            Dhuh Gusti, mugi karsa mujudaken sih kanugrahan Paduka.
       
               Pasamuwan:
               Mugi paring kawilujengan dhateng kawula.
            Pelados:
               Mugi mratelakaken kaadilan lan leleresan Paduka wonten ing antawising umat Paduka punika.
               Pasamuwan:
               Temah kawula lestantuna memuji Asma Paduka, kanthi suka-bingahing manah.
               Pelados:
               Mugi paring pirukun ing donya punika.
               Pasamuwan:
               Awit kawilujengan kawula punika, namung wonten ing sih katresnan Paduka piyambak.
               Pelados:
               Gusti, mugi paring pangayoman dhateng negari lan bangsa kawula.
               Pasamuwan:
               Mugi nuntun kawula wonten ing margi leleresan tuwin kaadilan Tuwan.
               Pelados:
               Mugi mulang kawula supados tansah ngrimati papan pigesangan punika minangka titah Paduka ingkang adi.
               Pasamuwan:
               Temah kawula saged manggih karaharjan.

               Pelados:
               Mugi ngerobi kawula srana Roh Paduka, temah kawula kuwawi mujudaken rancangan tuwin karsa Paduka ingkang suci, wonten ing alam donya punika. Amin.

        6.   PISUNGSUNG SUKUR
               Diaken: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..
               Pandonga

        7.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        8.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

14. TATA PANEMBAH MINGGU
Model 4

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
            ( Pasamuwan jumeneng )
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng kasetyanipun.
               Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sedherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.

        2.   IRAH-IRAHANING PANGABEKTI
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji
            ( Pasamuwan lenggah )

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Maosaken: Ringkesanipun Angger-angger, Angger-angger sedasa prekawis utawi sanesipun, umpaminipun Masmur 15, Masmur 51, lsp.
               Dedonga

        4.   PITEDAH GESANG ENGGAL
               Pelados:
               Para sadherek, Allah ingkang kita sembah punika sanes Allah ingkang remen paring piwales dhateng pialanipun manungsa. Panjenenganipun punika Allah ingkang Mahaasih. Menawi ing wekdal punika kita purun ngakeni sedaya panerak kanthi tulus lan jujur wonten ing ngarsanipun, Panjenenganipun temtu badhe paring pangapunten saha mujudaken kanugrahanipun. Dhawuhipun Gusti mekaten: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji ………………….. ( Pasamuwan jumeneng )

               KOOR

        5.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin,amin,amin.
                 ( utawi sanesipun)
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               ef. Pasamuwan: Memuji …………………..
               g.  Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)

               (KOOR)

        6.   PANDONGA SAFAAT
            Pandonga safaat saged dipun tindakaken mawi kalih cara, inggih punika:
            1.  dipun tindakaken dening Pelados Pangabekti, piyambak lan utawi kanthi sesautan;
            2.  menawi kanthi sesautan, prayogi kados ing ngandhap punika.
              
Pelados:
               Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga, Asma Tuwan mugi kasucekna. Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana, kadosdene wonten ing swarga, inggih makatena ugi wonten ing bumi. Mugi kawula sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Tuwan mugi ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukaken dhateng panggoda, mugi sami Tuwan uwalaken saking pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan langgeng salaminipun.
            Dhuh Gusti, mugi karsa mujudaken sih kanugrahan Paduka.

               Pasamuwan:
               Mugi paring kawilujengan dhateng kawula.
               Pelados:
               Mugi mratelakaken kaadilan lan leleresan Paduka wonten ing antawising umat Paduka punika.
               Pasamuwan:
               Temah kawula lestantuna memuji Asma Paduka, kanthi suka-bingahing manah.
               Pelados:
               Mugi paring pirukun ing donya punika.
               Pasamuwan:
               Awit kawilujengan kawula punika, namung wonten ing sih katresnan Paduka piyambak.
               Pelados:
               Gusti, mugi paring pangayoman dhateng negari lan bangsa kawula.
               Pasamuwan:
               Mugi nuntun kawula wonten ing margi leleresan tuwin kaadilan Tuwan.
               Pelados:
               Mugi mulang kawula supados tansah ngrimati papan pigesangan punika minangka titah Paduka ingkang adi.
               Pasamuwan:
               Temah kawula saged manggih karaharjan.

               Pelados:
               Mugi ngerobi kawula srana Roh Paduka, temah kawula kuwawi mujudaken rancangan tuwin karsa Paduka ingkang suci, wonten ing alam donya punika. Amin.

        7.   NGATURAKEN PISUNGSUNG  
               Diaken: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji .............................
               Pandonga

        8.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        9.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

15. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Wekdal Paskah Model 1

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet  dhateng papan pangabekti.
            ( Pasamuwan Jumeneng )
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pahargyan Paskah sampun cumawis, awit Sang Kristus ingkang minangka Sang Cempe-ning Paskah sampun kinurbanaken. Sumangga kita nindakaken pahargyan punika srana roti ingkang tanpa ragi, inggih punika roti ingkang mralambangaken manah ingkang tulus lan sadengah punapa kemawon ingkang dados renaning panggalihipun Gusti. Sampun ngantos kita mahargya Paskah srana roti ingkang aragi lami, inggih punika ragi dosa lan piawon. Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama saha Gusti Yesus Kristus mugi lulusa wonten ing Pasamuwan.
               Pasamuwan: Memuji …………………..
            ( Pasamuwan lenggah )

        2.   MASMUR PUJIAN
               Pelados:
               Sumangga kita sami ngulukaken Masmur pujian kagem Gusti.
               Pasamuwan:
               Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dumateng Paduka. Kawula mugi sampun ngantos nandang kawirangan. Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka. Kawula pasrah wonten ing asta Paduka. Dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula. Kawula dados cecampahaning mengsah kawula, saha para tanggi tepalih kawula. Punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula. Tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi lajeng sami lumajeng. Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah. Kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah. Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, amargi Paduka punika Allah kawula. Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka. Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula.
               Pelados:
               Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang Yehuwah padha disantosa lan diteteg atimu.
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Para sadherek, sumangga sami ngakeni sadaya panerak ingkang asring kita tindakaken wonten ing pigesangan saben dinten saha nyuwun pangapunten dhumateng Gusti ingkang Mahamirah.
               Gusti, Paduka Allah ingkang Mahamirah saha ingkang sampun rawuh tuwin dinadosaken kurban tebusan kangge manungsa.
               Sidhem
               Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
               Pasamuwan:
               Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
               Pelados:
               Paduka kalilan seda wonten ing kajeng salib, temah srana seda lan wungu Paduka, kawula sami pinarengaken lumebet wonten ing gesang enggal.
               Sidhem
               Dhuh Gusti Yesus, mugi paring pangapunten.
               Pasamuwan:
               Dhuh Gusti Yesus, mugi paring pangapunten.
               Pelados:
               Paduka sampun pinarak ing dhampar kamulyan kaswargan saha ingkang sampun rawuh lumantar Sang Roh Suci saperlu madhangi gesang lan batosipun umat Paduka.
               Sidhem
               Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
               Pasamuwan:
               Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
               Pelados:
               Para sadherek, Gusti punika Allah ingkang Mahamirah wonten ing Gusti Yesus Kristus, Panjenenganipun karenan ngrengkuh kita malih, minangka para putra ingkang sinucekaken. Kados dhawuhipun ingkang makaten: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..( Pasamuwan lenggah )

        4.   PELADOSAN SABDA ( Pasamuwan lengah )
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin , amin.
                 ( utawi sanesipun)
                     KOOR
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pangaken Pitados dening Pinituwa, ( Pasamuwan jumeneng)
                     KOOR

        5.   NGATURAKEN PISUNGSUNG
               Diaken: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        6.   PELADOSAN BUJANA SUCI    …………………..

        7.   PANDONGA SAFAAT
       
        8.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..
       
        9.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin. Haleluyah  3x, Amin. Amin.

16. TATA PANEMBAH  BUJANA SUCI
Wekdal Paskah Model 2

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
               (Pasamuwan jumeneng)
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pahargyan Paskah sampun cumawis, awit Sang Kristus ingkang minangka Sang Cempe-ning Paskah sampun kinurbanaken. Sumangga kita nindakaken pahargyan punika srana roti ingkang tanpa ragi, inggih punika roti ingkang mralambangaken manah ingkang tulus lan sadengah punapa kemawon ingkang dados renaning panggalihipun Gusti. Sampun ngantos kita mahargya Paskah srana roti ingkang aragi lami, inggih punika ragi dosa lan piawon. Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama saha Gusti Yesus Kristus mugi lulusa wonten ing Pasamuwan.
Utawi sanesipun.
            Pasamuwan: Memuji …………………..
               (Pasamuwan lenggah)

      2.   IRAH-IRAHANING PANGABEKTI
               Pelados: ”…………………..”
            Pasamuwan: Memuji

        3.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin,amin,amin.
                 ( utawi sanesipun)
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)
                     (KOOR)

        4.   NGATURAKEN PISUNGSUNG  
               Diaken: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

               KOOR

        5.   PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..

        6.   PANDONGA SAFAAT

        7.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        8.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

*     WIGATOS
      Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur pambujanan.

17. TATA PANEMBAH  BUJANA SUCI
Wekdal Paskah Model 3

18. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Dinten Pembangunan GKJW

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
               (Pasamuwan jumeneng)
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng kasetyanipun.
               Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sadherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.

        2.   MASMUR PUJIAN
               Pelados:
               Sanyata becik ngidungake masmur marang Allah kita iku, malah iku nengsemake lan pantes ngidungake pamuji iku.
               Pasamuwan:
               Pangeran  Yehuwah  ngyasa Jerusalem, sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.
               Pelados:
               Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune.
               Pasamuwan:
               Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi kakiyatane, kawicaksanane ora kena winirasa.

Pelados:
               He Jerusalem, ngalembana marang Sang Yehuwah, he Sion, saosa puji marang Allahmu.
               Pasamuwan: Memuji
               (Pasamuwan lenggah)

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Dhuh Gusti, Paduka sampun rawuh saperlu milujengaken saha nucekaken kawula.
               Sidhem
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pelados:
               Paduka minangka Sesirahing Sarira satunggal, inggih punika Greja Paduka ingkang suci, Greja Kristen Jawi Wetan.
               Sidhem
               Gusti, mugi paring pangapunten.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi paring pangapunten.
               Pelados:
               Paduka tansah nyarengi lelampahanipun Greja paduka wonten ing donya ingkang kebak pacoban saha pakewed punika.
               Sidhem
               Gusti, mugi paring kawelasan.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi paring kawelasan.
               Pelados:
               Gusti punika, agung sihpangapuntenipun. Panjenenganipun tamtu paring pangapunten dhateng saben tiyang ingkang purun sowan saha ngakeni sadaya kalepatan tuwin panerak kanthi tulusing manah. Wonten ing Kitab Suci kaserat pangandika ingkang makaten: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..(Pasamuwan jumeneng)

        4.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin , amin.
                 ( utawi sanesipun)
                     KOOR
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)

        5.   NGATURAKEN PISUNGSUNG
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        6.   PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..

        7.   PANDONGA  SAFAAT

        8.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        9.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

*     WIGATOS
      Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur pambujanan.

19. TATA PANEMBAH  BUJANA SUCI
Dinten Oikumene

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
               (Pasamuwan jumeneng)
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng kasetyanipun.
               Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sadherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.

        2.   MASMUR PUJIAN
               Pelados:
               Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan sarta lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata, manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti?
               Pasamuwan:
               Ewodene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan, Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sa’ngandhaping tlapakanipun.
              
Pelados:
               Sakathahipun menda tuwin lembu, ugi sato kewan ing ara-ara, peksi ing awang-awang saha ulam ing seganten, saha samukawis ingkang langkung ing margining seganten.
               Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi, Amin.
               Pasamuwan: Memuji …………………..
               (Pasamuwan lenggah)

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Gusti, Paduka ingkang sampun nunggilaken umat Paduka wonten ing Greja ingkang suci saha wradin.
               Sidhem
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pelados:
               Gusti Yesus, Paduka punika ingkang dados Sesirahing Greja ing donya punika, ingkang ugi minangka Sarira Paduka ingkang suci.
            Sidhem
               Gusti Yesus, mugi paring pangapunten.
               Pasamuwan:
               Gusti Yesus, mugi paring pangapunten.
               Pelados:
               Paduka ingkang Mahaasih, ingkang karenan ngagem kawula, dinadosaken sarana kagem kamulyaning asma Paduka, lumantar anggen kawula sami leladi wonten Greja ing donya punika.
               Sidhem
               Gusti mugi paring kawelasan.
               Pasamuwan:
               Gusti mugi paring kawelasan.
               Pelados:
               Para sadherek, Gusti punika agung sihpangapuntenipun.
               Mekaten dhawuhipun: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..(Pasamuwan jumeneng)

4.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin , amin.
                 ( utawi sanesipun)
                     KOOR
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)

        5.   NGATURAKEN PISUNGSUNG
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        6.   PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..

        7.   PANDONGA SAFAAT

        8.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        9.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

      *    WIGATOS
      Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur pambujanan.

20. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Wekdal Adven

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
               (Pasamuwan jumeneng)
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng kasetyanipun.
               Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sadherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.

        2.   MASMUR PUJIAN
               Pelados:
               Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah.
               Pasamuwan:
               Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.
               Pelados:
               Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.
               Pasamuwan:
               Amarga Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.
              
Pelados:
               Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak, sarta sagara dalah saisine kareben padha gumuruh. Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak, Amin.
               Pasamuwan: Memuji …………………..
               (Pasamuwan lenggah)

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Gusti, Paduka punika Allah ingkang karenan maujud manungsa saha ingkang sampun rawuh saperlu paring kakiyatan dhateng saben batosipun manungsa. 
               Sidhem
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pelados:
               Gusti, Paduka punika cahyaning katresnanipun Allah ingkang sampun rawuh saperlu madhangi saben batos ingkang kasaput ing pepeteng.
               Sidhem
               Gusti, mugi paring pangapunten.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi paring pangapunten.
               Pelados:
               Gusti, Paduka punika Putranipun Allah, ingkang sampun tumedhak saking kamulyaning swarga, Juru Pirembag ingkang elok, Gusti Allah ingkang prakosa.
               Sidhem
               Gusti, mugi paring kawlasan.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi paring kawlasan.
               Pelados:
               Para sadherek, kita pitados bilih Panjenenganipun punika Gusti ingkang agung sihpangapuntenipun. Pawartos rahayu kadhawuhaken makaten: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..(Pasamuwan jumeneng)

        4.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin , amin.
                 ( utawi sanesipun)
                     KOOR
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)

        5.   NGATURAKEN PISUNGSUNG
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        6.   PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..

        7.   PANDONGA SAFAAT

        8.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        9.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

      *    WIGATOS
      Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur pambujanan.

PENGAKUAN IMAN RASULI

1.    Aku percaya kepada Allah, Bapa yang mahakuasa,Khalik langit dan bumi.
2.    Dan kepada Yesus Kristus,AnakNya yang tunggal, Tuhan kita,
3.    yang dikandung daripada Roh Kudus,lahir dari anak dara Maria,
4.    yang menderita dibawah pemerintahan Pontius Pilatus,disalibkan, mati dan dikuburkan,turun ke dalam kerajaan maut,
5.    pada hari yang ketiga bangkit pula dari antara orang mati,
6.    naik ke sorga,duduk di sebelah kanan Allah, Bapa yang mahakuasa,
7.    dan akan datang dari sana untuk menghakimi orang yang hidup dan yang mati.
8.    Aku percaya kepada Roh Kudus;
9.    gereja yang kudus dan am;
persekutuan orang kudus;
10.pengampunan dosa;
11.kebangkitan daging;
12.dan hidup yang kekal. 

S A H A D A T   K A L I H  -  W E L A S
Inggih punika pangaken pitados rasuli

   1.  Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.
   2.  Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang putra ontang-anting Gusti kawula.
   3.  Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.
   4.  Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun pontius pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.
   5.  Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.
   6.  Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama ingkang Mahakawasa.
   7.  Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.
   8.  Kawula pitados dhateng Roh Suci
   9.  Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin,
         inggih patunggilanipun para suci.
   10.   Punapa-dene pangapuntening dosa,
   11.   Tanginipun  raga.
   12.   Sarta gesang langgeng.
        
D O A B A P A K A M I

Bapa kami yang ada di Sorga
Dikuduskaah nama-Mu
Datanglah kerajaan-Mu
Jadilah kehendak-Mu
Di bumu seperti di sorga
Berilah kami pada hari ini
Makanan kami yang secukupnya
Dan ampunilah kami akan kesalahan kami
Seperti kami juga mengampuni orang yang bersalah kepada kami
Dan janganlah membawa kami kedalam pencobaan
Tetapi lepaskanlah kami dari antara yang jahat
Karena Engkaulah yang empunya kerajaan, dan kuasa, dan kemuliaan sampai selama-lamanya.
AMIN

D O N G A R A M A K A W U L A

Dhuh Rama kawua ingkang wonten ing swarga
Asma Paduka mugi kasucekaken
Kraton Paduka mugi rawuh
Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi
Kadosdene wonten ing swarga
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
Sacekapipun ing dinten punika
Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula
Kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang
Ingkang kalepatan dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken   
Dhateng ing panggoda
Ananging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon
Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun.
AMIN

Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009