tata ibadat 2
12. TATA PANEMBAH MINGGU
Model 2
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(
Pasamuwan jumeneng )
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados:
Sumangga kita ngabekti dhumateng Gusti kanthi
suka-bingah saha sowan wonten ing ngarsanipun klayan memuji Asmanipun.
Utawi sanesipun.
Pasamuwan: Memuji …………………..
Pelados:
Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking
Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para Sadherek (kita)
sadaya.
(
Pasamuwan lenggah )
2. IRAH-IRAHANING PANGABEKTI (INTROITUS)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..
3. TIMBALAN MRATOBAT
Pelados:
Pasamuwan ingkang kinasih, sumangga kita sami
nyuwun pangapunten dhumateng Gusti srana pandonga: ”…………………..”.
4. PAWARTOS PANGAPUNTEN
Pelados:
Pinujia Asmanipun Allah ingkang suci, awit
saking katresnanipun, Panjenenganipun lestantun migatosaken kabetahan kita.
Panjenenganipun lestantun
mratelakaken sih-kamirahanipun dhateng kita sadaya. Mekaten ugi ing dinten
punika, Gusti karenan mujudaken sih kanugrahanipun kados dhawuhipun ingkang
mekaten: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji ………………….. ( Pasamuwan jumeneng)
5. PELADOSAN SABDA
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat
59: 1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
- Waosan 1 (dening Pinituwa)
- Waosan 2 (dening
Pinituwa)
- Masmur wangsulan (dening Pelados)
- Waosan 3 (dening Pelados)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan :
Amin,amin,amin.
( utawi
sanesipun)
KOOR
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
f. Pasamuwan: Memuji …………………..
g. Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan
jumeneng)
KOOR
6. PANDONGA SAFAAT
Pandonga safaat saged dipun tindakaken mawi kalih cara, inggih punika:
1. dipun tindakaken dening Pelados Pangabekti, piyambak lan utawi kanthi
sesautan;
2. menawi kanthi sesautan, prayogi kados ing ngandhap punika.
Pelados:
Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga, Asma
Tuwan mugi kasucekna. Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana,
kadosdene wonten ing swarga, inggih makatena ugi wonten ing bumi. Mugi kawula
sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Tuwan mugi
ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten
ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi sampun
ngantos sami katandukaken dhateng panggoda, mugi sami Tuwan uwalaken saking
pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin
kamulyan langgeng salaminipun.
Dhuh Gusti, mugi karsa mujudaken
sih kanugrahan Paduka.
Pasamuwan:
Mugi paring kawilujengan dhateng kawula
Pelados:
Mugi mratelakaken kaadilan lan leleresan Paduka,
wonten ing antawising umat Paduka punika.
Pasamuwan:
Temah kawula lestantuna memuji Asma Paduka
kanthi suka-bingahing manah.
Pelados:
Mugi paring pirukun ing donya punika.
Pasamuwan:
Awit kawilujengan kawula punika, namung wonten
ing sih katresnan Paduka piyambak.
Pelados:
Gusti, mugi paring pangayoman dhateng negari lan
bangsa kawula.
Pasamuwan:
Mugi nuntun kawula wonten ing margi leleresan
tuwin kaadilan Tuwan.
Pelados:
Mugi mulang kawula supados tansah ngrimati papan
pigesangan punika minangka titah Paduka ingkang adi.
Pasamuwan:
Temah kawula saged manggih karaharjan.
Pelados:
Mugi ngerobi kawula srana Roh Paduka, temah
kawula kuwawi mujudaken rancangan tuwin karsa Paduka ingkang suci, wonten ing
alam donya punika. Amin.
6. PISUNGSUNG SUKUR
Pasamuwan: Memuji …………………..
Pandonga
7. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados:
Sumangga kita wangsul kanthi suka lan bingah,
saha makarya ing papan panyambut damel kita piyambak-piyambak kanthi setya lan
estu. Temtunipun kita ugi rumaos bilih kabingahan tuwin kasisahan punika
minangka kanyatan wonten ing pigesangan kita saben dinten. Ewasamanten, Gusti
ugi prajanji paring kekiyatan lan kesagedan tuwin lestantun nunggil saha paring
berkah dhateng kita sadaya.
Pasamuwan: Memuji: …………………..
8. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin.
Haleluyah
3x, Amin. Amin.

13.
TATA PANEMBAH MINGGU
Model 3
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(Pasamuwan
jumeneng)
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados: …………………..
MINGGU LIMRAH
Punika dinten ingkang tinemtokaken dening Gusti,
pramila sumangga kita pahargya kanthi suka bingah. Awit srana pangawasanipun
Rohing Allah, para tiyang badhe sujud-manembah dhumateng Sang Rama minangka
Allah ingkang sejatos, kados ingkang kinersakaken dening Sang Rama piyambak.
MINGGU ADVEN
(Markus 13 : 35 - 36);
35. Mulane
padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekane kang duwe omah mau, ngarepake
bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk.
36. Iku supaya manawa
dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu.
Utawi
(Yesaya 40 : 3)
Ana swara kang nguwuh-uwuh: ”Nyawisna margi
kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita
ana ing ara-ara samun!
WEKDAL NATAL
(Lukas 2 : 11 - 12)
11. Ing dina
iki wis miyos Juru Slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing
kutane Dawud.
12. Dene kang
minangka tengeran marang kowe, mangkene: Kowe bakal mrangguli bayi kagendhong
sumeleh ing pamakanan.
WEKDAL PASKAH
(Yesaya 53 : 6)
Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe
kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang
Panjenengane.
utawi.
(Yesaya 53 : 3)
Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing
wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kang kulina
nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana
ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.
Pasamuwan: Memuji
Pelados:
Pangabekti ing dinten
punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun
nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha
ingkang langgeng kasetyanipun.
Sih rahmat lan tentrem
rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para
sedherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.
( Pasamuwan lenggah )
2. TIMBALAN MRATOBAT
Pelados:
Sumangga kita sami sowan
wonten ing ngarsanipun Gusti, Allah Sang
Rama ingkang Mahaasih, saperlu nyenyuwun pangapunten awit saking sadaya panerak
ingkang sampun kita tindakaken ing gesang padintenan. Sumangga sami dedonga
piyambak-piyambak wonten ing salebeting batos.
Sidhem
Pelados: (dedonga
nyuwun pangapunten)
3. PAWARTOS PANGAPUNTEN
Pelados:
Para sadherek Gusti karsa
paring pangapunten dhateng kita sadaya, Mekaten dhawuhipun: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji ………………….. ( Pasamuwan jumeneng)
4. PELADOSAN SABDA
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat
59: 1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan :
Amin,amin,amin.
( utawi
sanesipun)
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
f. Pasamuwan: Memuji …………………..
g. Pangaken Pitados dening Pinituwa, ( Pasamuwan
jumeneng)
(KOOR)
5. PANDONGA SAFAAT ( Pasamuwan lenggah )
Pandonga safaat saged dipun tindakaken mawi kalih cara, inggih punika:
1. dipun tindakaken dening Pelados Pangabekti, piyambak lan utawi kanthi
sesautan;
2. menawi kanthi sesautan, prayogi kados ing ngandhap punika.
Pelados:
Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga, Asma
Tuwan mugi kasucekna. Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana,
kadosdene wonten ing swarga, inggih makatena ugi wonten ing bumi. Mugi kawula
sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Tuwan mugi
ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten
ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi sampun
ngantos sami katandukaken dhateng panggoda, mugi sami Tuwan uwalaken saking
pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin
kamulyan langgeng salaminipun.
Dhuh Gusti, mugi karsa mujudaken
sih kanugrahan Paduka.
Pasamuwan:
Mugi paring kawilujengan dhateng kawula.
Pelados:
Mugi mratelakaken kaadilan lan leleresan Paduka
wonten ing antawising umat Paduka punika.
Pasamuwan:
Temah kawula lestantuna memuji Asma Paduka,
kanthi suka-bingahing manah.
Pelados:
Mugi paring pirukun ing donya punika.
Pasamuwan:
Awit kawilujengan kawula punika, namung wonten
ing sih katresnan Paduka piyambak.
Pelados:
Gusti, mugi paring pangayoman dhateng negari lan
bangsa kawula.
Pasamuwan:
Mugi nuntun kawula wonten ing margi leleresan
tuwin kaadilan Tuwan.
Pelados:
Mugi mulang kawula supados tansah ngrimati papan
pigesangan punika minangka titah Paduka ingkang adi.
Pasamuwan:
Temah kawula saged manggih karaharjan.
Pelados:
Mugi ngerobi kawula srana Roh Paduka, temah
kawula kuwawi mujudaken rancangan tuwin karsa Paduka ingkang suci, wonten ing
alam donya punika. Amin.
6. PISUNGSUNG SUKUR
Diaken: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..
Pandonga
7. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji: …………………..
8. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin.
Haleluyah
3x, Amin. Amin.

14. TATA PANEMBAH MINGGU
Model 4
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(
Pasamuwan jumeneng )
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados:
Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken
ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi,
lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng
kasetyanipun.
Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking
Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sedherek (kita)
sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.
2. IRAH-IRAHANING PANGABEKTI
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji
( Pasamuwan lenggah )
3. TIMBALAN MRATOBAT
Pelados:
Maosaken: Ringkesanipun Angger-angger, Angger-angger
sedasa prekawis utawi sanesipun, umpaminipun Masmur 15, Masmur 51, lsp.
Dedonga
4. PITEDAH GESANG ENGGAL
Pelados:
Para sadherek, Allah ingkang kita sembah punika
sanes Allah ingkang remen paring piwales dhateng pialanipun manungsa. Panjenenganipun
punika Allah ingkang Mahaasih. Menawi ing wekdal punika kita purun ngakeni
sedaya panerak kanthi tulus lan jujur wonten ing ngarsanipun, Panjenenganipun
temtu badhe paring pangapunten saha mujudaken kanugrahanipun. Dhawuhipun Gusti
mekaten: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji ………………….. ( Pasamuwan jumeneng )
KOOR
5. PELADOSAN SABDA
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat
59: 1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan :
Amin,amin,amin.
( utawi
sanesipun)
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
ef. Pasamuwan: Memuji …………………..
g. Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan
jumeneng)
(KOOR)
6. PANDONGA SAFAAT
Pandonga safaat saged dipun tindakaken mawi kalih cara, inggih punika:
1. dipun tindakaken dening Pelados Pangabekti, piyambak lan utawi kanthi
sesautan;
2. menawi kanthi sesautan, prayogi kados ing ngandhap punika.
Pelados:
Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga, Asma
Tuwan mugi kasucekna. Kraton Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana,
kadosdene wonten ing swarga, inggih makatena ugi wonten ing bumi. Mugi kawula
sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Tuwan mugi
ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapunten
ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi sampun
ngantos sami katandukaken dhateng panggoda, mugi sami Tuwan uwalaken saking
pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin
kamulyan langgeng salaminipun.
Dhuh Gusti, mugi karsa mujudaken
sih kanugrahan Paduka.
Pasamuwan:
Mugi paring kawilujengan dhateng kawula.
Pelados:
Mugi mratelakaken kaadilan lan leleresan Paduka
wonten ing antawising umat Paduka punika.
Pasamuwan:
Temah kawula lestantuna memuji Asma Paduka,
kanthi suka-bingahing manah.
Pelados:
Mugi paring pirukun ing donya punika.
Pasamuwan:
Awit kawilujengan kawula punika, namung wonten
ing sih katresnan Paduka piyambak.
Pelados:
Gusti, mugi paring pangayoman dhateng negari lan
bangsa kawula.
Pasamuwan:
Mugi nuntun kawula wonten ing margi leleresan
tuwin kaadilan Tuwan.
Pelados:
Mugi mulang kawula supados tansah ngrimati papan
pigesangan punika minangka titah Paduka ingkang adi.
Pasamuwan:
Temah kawula saged manggih karaharjan.
Pelados:
Mugi ngerobi kawula srana Roh Paduka, temah kawula
kuwawi mujudaken rancangan tuwin karsa Paduka ingkang suci, wonten ing alam
donya punika. Amin.
7. NGATURAKEN PISUNGSUNG
Diaken: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji .............................
Pandonga
8. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji: …………………..
9. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin.
Haleluyah
3x, Amin. Amin.

15. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Wekdal Paskah Model 1
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(
Pasamuwan Jumeneng )
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados:
Pahargyan Paskah sampun cumawis, awit Sang
Kristus ingkang minangka Sang Cempe-ning Paskah sampun kinurbanaken. Sumangga
kita nindakaken pahargyan punika srana roti ingkang tanpa ragi, inggih punika
roti ingkang mralambangaken manah ingkang tulus lan sadengah punapa kemawon
ingkang dados renaning panggalihipun Gusti. Sampun ngantos kita mahargya Paskah
srana roti ingkang aragi lami, inggih punika ragi dosa lan piawon. Sih rahmat
lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama saha Gusti Yesus Kristus mugi
lulusa wonten ing Pasamuwan.
Pasamuwan: Memuji …………………..
( Pasamuwan lenggah )
2. MASMUR PUJIAN
Pelados:
Sumangga kita sami ngulukaken Masmur pujian
kagem Gusti.
Pasamuwan:
Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dumateng Paduka.
Kawula mugi sampun ngantos nandang kawirangan. Mugi Paduka ngentas kawula
amargi kaadilan Paduka. Kawula pasrah wonten ing asta Paduka. Dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka
ingkang ngluwari kawula. Kawula dados cecampahaning mengsah kawula, saha para
tanggi tepalih kawula. Punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula.
Tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi lajeng sami lumajeng.
Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah. Kawontenan kawula kados
barang ingkang sampun pecah. Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh
Yehuwah, amargi Paduka punika Allah kawula. Gesang kawula punika wonten ing
asta Paduka. Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tanganipun para satru
kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula.
Pelados:
Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang
Yehuwah padha disantosa lan diteteg atimu.
Pasamuwan: Memuji …………………..
3. TIMBALAN MRATOBAT
Pelados:
Para sadherek, sumangga sami ngakeni sadaya
panerak ingkang asring kita tindakaken wonten ing pigesangan saben dinten saha
nyuwun pangapunten dhumateng Gusti ingkang Mahamirah.
Gusti, Paduka Allah ingkang Mahamirah saha
ingkang sampun rawuh tuwin dinadosaken kurban tebusan kangge manungsa.
Sidhem
Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
Pasamuwan:
Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
Pelados:
Paduka kalilan seda wonten ing kajeng salib, temah
srana seda lan wungu Paduka, kawula sami pinarengaken lumebet wonten ing gesang
enggal.
Sidhem
Dhuh Gusti Yesus, mugi paring pangapunten.
Pasamuwan:
Dhuh Gusti Yesus, mugi paring pangapunten.
Pelados:
Paduka sampun pinarak ing dhampar kamulyan
kaswargan saha ingkang sampun rawuh lumantar Sang Roh Suci saperlu madhangi gesang
lan batosipun umat Paduka.
Sidhem
Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
Pasamuwan:
Dhuh Gusti, mugi melasi kawula.
Pelados:
Para sadherek, Gusti punika Allah ingkang
Mahamirah wonten ing Gusti Yesus Kristus, Panjenenganipun karenan ngrengkuh
kita malih, minangka para putra ingkang sinucekaken. Kados dhawuhipun ingkang
makaten: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..( Pasamuwan lenggah )
4. PELADOSAN SABDA ( Pasamuwan lengah )
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat
59: 1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin ,
amin.
( utawi
sanesipun)
KOOR
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
f. Pangaken Pitados dening Pinituwa, ( Pasamuwan
jumeneng)
KOOR
5. NGATURAKEN PISUNGSUNG
Diaken: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..
6. PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..
7. PANDONGA SAFAAT
8. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji: …………………..
9. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin. Haleluyah 3x, Amin. Amin.

16. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Wekdal Paskah Model 2
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(Pasamuwan jumeneng)
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados:
Pahargyan Paskah sampun cumawis, awit Sang Kristus
ingkang minangka Sang Cempe-ning Paskah sampun kinurbanaken. Sumangga kita
nindakaken pahargyan punika srana roti ingkang tanpa ragi, inggih punika roti
ingkang mralambangaken manah ingkang tulus lan sadengah punapa kemawon ingkang
dados renaning panggalihipun Gusti. Sampun ngantos kita mahargya Paskah srana
roti ingkang aragi lami, inggih punika ragi dosa lan piawon. Sih rahmat lan
tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama saha Gusti Yesus Kristus mugi
lulusa wonten ing Pasamuwan.
Utawi sanesipun.
Pasamuwan: Memuji …………………..
(Pasamuwan
lenggah)
2. IRAH-IRAHANING PANGABEKTI
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji
3. PELADOSAN SABDA
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat
59: 1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan :
Amin,amin,amin.
( utawi
sanesipun)
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
f. Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan
jumeneng)
(KOOR)
4. NGATURAKEN PISUNGSUNG
Diaken: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..
KOOR
5. PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..
6. PANDONGA SAFAAT
7. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji: …………………..
8. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin.
Haleluyah
3x, Amin. Amin.

* WIGATOS
Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci
ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken
sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur
pambujanan.
17. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Wekdal Paskah Model 3
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(Pasamuwan jumeneng)
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados:
Pahargyan Paskah sampun cumawis, awit Sang
Kristus ingkang minangka Sang Cempe-ning Paskah sampun kinurbanaken. Sumangga
kita nindakaken pahargyan punika srana roti ingkang tanpa ragi, inggih punika
roti ingkang mralambangaken manah ingkang tulus lan sadengah punapa kemawon
ingkang dados renaning panggalihipun Gusti. Sampun ngantos kita mahargya Paskah
srana roti ingkang aragi lami, inggih punika ragi dosa lan piawon. Sih rahmat
lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama saha Gusti Yesus Kristus mugi
lulusa wonten ing Pasamuwan.
Utawi sanesipun.
Pasamuwan: Memuji …………………..
2. IRAH-IRAHANING PANGABEKTI
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji
(Pasamuwan
lenggah)
3. PELADOSAN SABDA
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat 59:
1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin ,
amin.
( utawi
sanesipun)
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
f. Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan
jumeneng)
4. NGATURAKEN PISUNGSUNG
Diaken: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..
5. PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..
6. PANDONGA SAFAAT
7. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji: …………………..
8. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin.
Haleluyah
3x, Amin. Amin.

* WIGATOS
Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci
ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken
sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur
pambujanan.
18. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Dinten Pembangunan GKJW
A. PECAWISAN
1. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
2. Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
(Pasamuwan jumeneng)
Memuji: …………………..
B. TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
1. TIMBALAN MANGABEKTI
Pelados:
Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken
ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi,
lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng
kasetyanipun.
Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking
Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sadherek (kita)
sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.
2. MASMUR PUJIAN
Pelados:
Sanyata becik ngidungake masmur marang Allah
kita iku, malah iku nengsemake lan pantes ngidungake pamuji iku.
Pasamuwan:
Pangeran
Yehuwah ngyasa Jerusalem, sarta
ngempalake para wong Israel kang pating blesar.
Pelados:
Panjenengane mulihake wong kang pepes atine,
padha diblebedi tatune.
Pasamuwan:
Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi
kakiyatane, kawicaksanane ora kena winirasa.
Pelados:
He Jerusalem, ngalembana marang Sang Yehuwah, he
Sion, saosa puji marang Allahmu.
Pasamuwan: Memuji
(Pasamuwan lenggah)
3. TIMBALAN MRATOBAT
Pelados:
Dhuh Gusti, Paduka sampun rawuh saperlu
milujengaken saha nucekaken kawula.
Sidhem
Gusti, mugi melasi kawula.
Pasamuwan:
Gusti, mugi melasi kawula.
Pelados:
Paduka minangka Sesirahing Sarira satunggal,
inggih punika Greja Paduka ingkang suci, Greja Kristen Jawi Wetan.
Sidhem
Gusti, mugi paring pangapunten.
Pasamuwan:
Gusti, mugi paring pangapunten.
Pelados:
Paduka tansah nyarengi lelampahanipun Greja
paduka wonten ing donya ingkang kebak pacoban saha pakewed punika.
Sidhem
Gusti, mugi paring kawelasan.
Pasamuwan:
Gusti, mugi paring kawelasan.
Pelados:
Gusti punika, agung sihpangapuntenipun. Panjenenganipun
tamtu paring pangapunten dhateng saben tiyang ingkang purun sowan saha ngakeni
sadaya kalepatan tuwin panerak kanthi tulusing manah. Wonten ing Kitab Suci kaserat
pangandika ingkang makaten: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..(Pasamuwan
jumeneng)
4. PELADOSAN SABDA
a. Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi memuji Kidung Jemaat
59: 1-2 (mawi basa Jawi)
1. Gusti angandika, kula mirengaken
Gusti angandika,
kula nggatosaken.
2. Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
Pangandika
Tuwan, dadosa kekiyatan.
b. Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
c. Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin ,
amin.
( utawi
sanesipun)
KOOR
d. Kotbah
e. Sidhem/ungelipun organ
f. Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan
jumeneng)
5. NGATURAKEN PISUNGSUNG
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji …………………..
6. PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..
7. PANDONGA SAFAAT
8. PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji: …………………..
9. BERKAH
Pelados: ”…………………..”
Pasamuwan: Memuji;
Haleluyah
3x, Amin.
Haleluyah
3x, Amin. Amin.

* WIGATOS
Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci
ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken
sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur pambujanan.