tata ibadat 3

20. TATA PANEMBAH BUJANA SUCI
Wekdal Adven

A.    PECAWISAN
        1.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan andum damel lan dedonga.
        2.   Pelados Pangabekti, Pinituwa, lan Diaken Pasamuwan lumebet dhateng papan pangabekti.
               (Pasamuwan jumeneng)
               Memuji: …………………..

B.    TUMINDAKIPUN PANGABEKTI
        1.   TIMBALAN MANGABEKTI
               Pelados:
               Pangabekti ing dinten punika, kita tindakaken ing dalem Asmanipun Allah Sang Rama, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi, lan ingkang boten nate nilar pakaryaning Astane saha ingkang langgeng kasetyanipun.
               Sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang saking Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus Kristus lulusa ing para sadherek (kita) sadaya. Amin.
Utawi sanesipun.

        2.   MASMUR PUJIAN
               Pelados:
               Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah.
               Pasamuwan:
               Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.
               Pelados:
               Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.
               Pasamuwan:
               Amarga Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.
              


Pelados:
               Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak, sarta sagara dalah saisine kareben padha gumuruh. Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak, Amin.
               Pasamuwan: Memuji …………………..
               (Pasamuwan lenggah)

        3.   TIMBALAN MRATOBAT
               Pelados:
               Gusti, Paduka punika Allah ingkang karenan maujud manungsa saha ingkang sampun rawuh saperlu paring kakiyatan dhateng saben batosipun manungsa. 
               Sidhem
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi melasi kawula.
               Pelados:
               Gusti, Paduka punika cahyaning katresnanipun Allah ingkang sampun rawuh saperlu madhangi saben batos ingkang kasaput ing pepeteng.
               Sidhem
               Gusti, mugi paring pangapunten.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi paring pangapunten.
               Pelados:
               Gusti, Paduka punika Putranipun Allah, ingkang sampun tumedhak saking kamulyaning swarga, Juru Pirembag ingkang elok, Gusti Allah ingkang prakosa.
               Sidhem
               Gusti, mugi paring kawlasan.
               Pasamuwan:
               Gusti, mugi paring kawlasan.
               Pelados:
               Para sadherek, kita pitados bilih Panjenenganipun punika Gusti ingkang agung sihpangapuntenipun. Pawartos rahayu kadhawuhaken makaten: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..(Pasamuwan jumeneng)


        4.   PELADOSAN SABDA
               a.  Pandonga kangge pamedharing Sabda dening Pinituwa utawi  memuji Kidung Jemaat 59: 1-2 (mawi basa Jawi)
                 1. Gusti angandika, kula mirengaken
                      Gusti angandika, kula nggatosaken.
                 2.  Pangandika Tuwan, dadosa pepadang
                      Pangandika Tuwan, dadosa kekiyatan.
               b.  Pamaosing Sabda (dening Pinituwa)
            c.  Pujian wangsulanipun Pasamuwan : Amin , amin , amin.
                 ( utawi sanesipun)
                     KOOR
               d.  Kotbah
               e.  Sidhem/ungelipun  organ
               f.   Pangaken Pitados dening Pinituwa, (Pasamuwan jumeneng)

        5.   NGATURAKEN PISUNGSUNG
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji …………………..

        6.   PELADOSAN BUJANA SUCI …………………..

        7.   PANDONGA SAFAAT

        8.   PAWARTOS KANGGE PARA UTUSAN (Pasamuwan jumeneng)
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji: …………………..

        9.   BERKAH
               Pelados: ”…………………..”
               Pasamuwan: Memuji;
                           Haleluyah  3x, Amin.
                                    Haleluyah  3x, Amin. Amin.

      *    WIGATOS
      Menawi wonten ing peladosan Bujana Suci ngagem sloki, prayogi wekdalipun dhahar roti lan ngunjuk anggur katindhakaken sesarengan-sesampunipun sadaya warga pasamuwan nampi roti lan anggur pambujanan.




PENGAKUAN IMAN RASULI


1.    Aku percaya kepada Allah, Bapa yang mahakuasa,Khalik langit dan bumi.
2.    Dan kepada Yesus Kristus,AnakNya yang tunggal, Tuhan kita,
3.    yang dikandung daripada Roh Kudus,lahir dari anak dara Maria,
4.    yang menderita dibawah pemerintahan Pontius Pilatus,disalibkan, mati dan dikuburkan,turun ke dalam kerajaan maut,
5.    pada hari yang ketiga bangkit pula dari antara orang mati,
6.    naik ke sorga,duduk di sebelah kanan Allah, Bapa yang mahakuasa,
7.    dan akan datang dari sana untuk menghakimi orang yang hidup dan yang mati.
8.    Aku percaya kepada Roh Kudus;
9.    gereja yang kudus dan am;
persekutuan orang kudus;
10.pengampunan dosa;
11.kebangkitan daging;
12.dan hidup yang kekal. 



S A H A D A T   K A L I H  -  W E L A S
Inggih punika pangaken pitados rasuli

   1.  Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.
   2.  Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang putra ontang-anting Gusti kawula.
   3.  Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.
   4.  Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun pontius pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.
   5.  Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.
   6.  Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama ingkang Mahakawasa.
   7.  Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.
   8.  Kawula pitados dhateng Roh Suci
   9.  Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin,
         inggih patunggilanipun para suci.
   10.   Punapa-dene pangapuntening dosa,
   11.   Tanginipun  raga.
   12.   Sarta gesang langgeng.
        
              
D O A B A P A K A M I

Bapa kami yang ada di Sorga
Dikuduskaah nama-Mu
Datanglah kerajaan-Mu
Jadilah kehendak-Mu
Di bumu seperti di sorga
Berilah kami pada hari ini
Makanan kami yang secukupnya
Dan ampunilah kami akan kesalahan kami
Seperti kami juga mengampuni orang yang bersalah kepada kami
Dan janganlah membawa kami kedalam pencobaan
Tetapi lepaskanlah kami dari antara yang jahat
Karena Engkaulah yang empunya kerajaan, dan kuasa, dan kemuliaan sampai selama-lamanya.
AMIN











D O N G A R A M A K A W U L A

Dhuh Rama kawua ingkang wonten ing swarga
Asma Paduka mugi kasucekaken
Kraton Paduka mugi rawuh
Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi
Kadosdene wonten ing swarga
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
Sacekapipun ing dinten punika
Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula
Kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang
Ingkang kalepatan dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken   
Dhateng ing panggoda
Ananging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon
Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun.
AMIN




Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009