ibadat perkunjungan september 2017
TATA IBADAH KEBAKTIAN KELUARGA
Pembukaan
- Ketua Kelompok mengucapkan selamat
datang dan memberikan tambahan pengumuman kepada warga (apabila ada)
- Pemimpin pujian membuka ibadah, sebelum
diajak menyanyi diserahkan kepada perwakilan keluarga untuk menyampaikan
ucapan selamat datang dan permohonan doa
- Jemaat Menyanyi ……………………………….
Tata Laksana Ibadah
- Panggilan Ibadah
Beribadahlah kepada Tuhan dengan gembira,
datanglah ke Bait-Nya dengan sorak sorai. Percayalah bahwa Tuhan Yesus Kristus
yang memimpin kehidupan kita, dan menyertai ibadah keluarga mulai awal sampai
pada akhirnya. Amin
Jemaat Menyanyi ……………………………
- Pelayanan Firman Tuhan
Berdoa untuk Firman Tuhan
Jemaat menyanyi ………………………….
Pembacaan Firman Tuhan
Khotbah
Berdoa
Jemaat menyanyi …………………………
- Doa Syafaat
- Penutup
Jemaat menyanyi ………………………………..
Sabtu 19 Agustus 2017
Waosan : Purwaning Dumadi (Kej.) 7:11-8:5 | Pamuji: KPK 62:1
“…wiwit saka manungsa
tekan kewan rumangkang nlosor gumremet sarta
manuk ing awang-awang, padha tumpes sirna saka ing bumi, mung rama Nuh
piyambak kang isih sugeng lan kabeh kang katut ing prau.” (ayat 23 b).
Eling lan Waspada
Saking waosan kalawau
wonten pitakenan, kenging menapa Gusti Allah duka yayah sinipi, ngantos numpes
manungsa lan sato kewan? Punapa Allah punika saestu kejem? Pitaken punika saged
kawangsulan wonten ing Purwaning Dumadi 6: 5 ingkang mekaten “Bareng Sang
Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan sakobah-osiking
atine sajege mung ala bae…” Dosanipun manungsa dipun gambaraken sampun sundhul langit lan
mboten saged kaapunten malih, mila Gusti Allah paring paukuman.
Lajeng punapa istimewanipun rama Nuh dipun bandhingaken
kaliyan tiyang-tiyang sanesipun, ngantos Allah miji brayatipun? Ingkang mbentenaken
inggih punika rama Nuh tiyang ingkang mursid, tanpa cacad salampah tindakipun
wonten ing ngarsanipun Allah (PD 6:9), saha tinemu resik (PD 7:1). Kita saged mbayangaken kados pundi rama
Nuh sabrayat ngadhepi tekanan,
wewada, pangina awit mboten ndherek patrap gesang mblasar ingkang sampun limrah dipun lampahi dening
tiyang-tiyang ing jamanipun. Tamtu dipun singkiri, dipun gethingi. Nanging
kenging menapa rama Nuh tetep kiyat ngadhepi ujian punika? Iman lan kamursidanipun
dhateng Allah ingkang ndadosaken kiyat. Kamursidan punika ingkang ndadosaken Allah paring sih
palimirma (PD 6:8).
Dados tiyang mursid
ing jaman samangke mboten gampil. Leres dhawuhipun leluhur kita “jaman iki
jaman edan yen ora edan ora kumanan.” Menawi iman kita mboten kiyat kita ugi
badhe katut, keli utawi kentir ing kawontenan ingkang mekaten. Tiyang ingkang
ngubyuki tumindak awon rencangipun kathah. Nanging ingkang mboten purun ngubyuki badhe dipun singkiri.
Mila sumangga kita tetep jejeg nggondheli kaleresan senaosa kedah nanggel resiko mboten dipun remeni awit punapa
ingkang kita lampahi badhe anjog dhateng kasaenan. Sumangga kita mbangun iman
kita, lan brayat kita supados saestu kiyat. Leluhur kita nglajengaken
pituturipun “beja bejaning wong sing lali isih beja sing eling lan waspada.”
Mila eling lan waspada ing sadhengah prekawis saestu penting supados kita uwal
saking wewelak lan bebendu.
“Margining
kayekten pancen rumpil, ananging tumuju katentreman.”
Minggu 20 Agustus 2017
Waosan: Matius 12:22-32
| Pamuji: KPK 298
“Manawa Iblis nundhung
Iblis, iku dadi dredah karo awaké dhéwé, manawa mangkono krajané bisane lestari
kapriye?” (ay.26)
Kulawarga Ingkang
Lestari
Wonten salah satunggaling kulawarga ingkang
tansah congkrah. Antawisipun semah asring padu, mila para putranipun rumaos boten krasan ing griyanipun piyambak, malahan kepengin
mlajeng saking griyanipun. Kawontenan punika mbokmenawi nate kita alami. Tamtunipun kita kepengin
nggadhahi bale griya ingkang rukun lan tentrem.
Ing satunggaling ibadah daup suci, ibu
Pendeta ingkang ngladosi pangibadah punika, paring pitungkas kanggé temanten. Pitungkasipun gandhèng kaliyan tigang
prekawis ingkang kedah dipun lampahi dening temantèn kekalih, nggih menika “maaf”, “tolong”, lan “terimakasih”. Menawi dipun
penggalih -antawisipun semah- asring boten
purun nyuwun pangapunten dhateng semahipun, nalika nggadhahi kalepatan utawi
nindakaken prekawis ingkang lepat, tegesipun mboten purun ngakeni kalepatanipun.
Semanten ugi ngucapaken tembung “tulung” nalika nyuwun pitulungan saking
sèmahipun, karana sampun kaanggep biasa. Boten namung ngucapaken tembung
“tulung”, ngaturaken panuwun utawi ngucapaken tembung “terimakasih” dhateng
sèmahipun ugi kados èwet malahan asring kaanggep aneh.
Tetembungan punika pancen prasaja lan kados mboten wonten
ginanipun. Nanging kosokwangsulipun, tetembungan ing inggil kalawau saged dados wiwitan
ingkang saé tumrap tiyang ingkang mbangun gesang neningkahan. Pangandikanipun
Gusti Allah ing waosan kita, ngèngetaken bilih krajaning sang Iblis ugi badhe sirna menawi para Iblis punika sami
dredah. Punapa malih kaliyan gesang neningkahan ingkang tansah wonten ing
swasana dredah/ congkrah, mesthinipun ugi boten badhe lestari. Antawisipun
anggota keluarga sami memengsahan.
Tembung “maaf”, “tolong” lan “terimakasih”,
menawi dipun cakaken ing satengahing kulawarga, saged dados tuladha ingkang saé
bab ajèn-ingajèni. Mila para putra ugi badhe rumaos krasan, tansah caket lan tresna
dhateng tiyang sepuhipun, matemah kaluwarga badhe lestari
binerkahan. [DK]
“Rahayu tyang gegriya ingkang tansah rumaket
ing Gusti.”
Senin
21 Agustus 2017
Waosan : Para Rasul 14 : 19 – 28 | Pamuji : KPK. 175 : 1-4 : 1-4/ KPJ. 427: 1,2
‘”Ana
ing kono rasul sakarone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring
piweling, supaya padha mantep ing pracaya apa dene padha dipangandikani, yen
anggon kita lumebu ing kratoning Allah iku, kalawan glakoni kasangsaran akeh.” (ay 22)
NYANTOSAKAKE
ATI
Ing pundi kemawon para Rasul anggenipun ngabarken
Injil tansah nglampahi kasangsaran. Kados ingkang lumapah ing waosan kita menika, Rasul Paulus
kabenturan watu, malah dipun seret ngantos sajawining kitha, ugi kawastanan sapun
seda. Nanging sasampunipun dipun rubung dening para siswa panjenenanipun nuli
wungu. Sasampunipun lajeng tindak dhateng Derbe sesarengan kaliyan Barnabas. Malah
ing Derbe anggenipun
ngabaraken Injil
pikantuk siswa ingkang
kathah. Salajengipun wangsul dhateng Listra, Ikonium lan Anthiokhia.
Paulus ngengetaken saha nandhesaken dhateng
para siswanipun, bilih kangge mlebet Kratoning Allah menika mesthi ngalami
kasangsaran ingkang kathah. Saking ukara menika mratandhani bilih Kratoning
Allah perlu dipun lampahi ing
sadhengah lelampahan. Paulus kanthi bares burus nerangaken bilih kangge lumebet
ing Kratoning Allh kedah purun nglangkungi kasangsaran.
Ing ngriki Paulus nedya
paring katerangan
bilih perkawis menika sanes perkawis ingkang gampil. Piyambaipun ngengetaken bilih ndherek Gusti Yesus,
boten ngalami pigesangan
ingkang sarwi gampil,
nanging ndadosaken manungsa kiyat nandhang sumuking jagad. Anjawi saking menika
anggenipun mlebet Kratoning Allah sampun namung piyambakan, nanging ngajaka tiyang sanes
ingkang purun nampeni kawilujengan. Karana manungsa anggenipun saged lumebet
ing Kratoning Allah menika awit saking pakaryanipun Allah. Sami puruna kita dados
rencang damelipun Gusti.
Kados dene Paulus aggenipun ngabaraken Injil
ing sadhegah papan,
sasaged-saged kita ugi tansah sinau ngabaraken Injil ing sadhengah
lelampahaning gesang kita. Sampun
ajrih rekaos dados tiyang Kristen, awit dados tiyang Kristen menika kedah sagah ngalami kasangsaran
ingkang kathah. Ananging sampun kuwatos, Gusti mesthi paring kekiyatan
kangge kita ingkang setya dhateng
dhawuhipun.
“Begja kang sangsara, marga mesthi bakal mulya.”
Selasa 22 Agustus 2017
Waosan: Jabur (Mazmur) 133: 1-3 |
Pamuji: KPK 104/ 319
“Iba éndahé lan ngresepaké, menawa umaté Allah uripé
padha rukun.” (ay. 1)
SUKUN
Ing siti Kantor Sinode
GKJ, wonten kathah wit sukun ageng-ageng. Woh sukun menika eca sanget tur
maregi menawi dipun goreng utawi dipun dang lan dipun dhahar ngangge klapa
parutan. Woh sukun menika sae wujudipun lan eca raosipun. Sukun ugi sae kerata
basanipun, nggih menika SUpaya ruKUN. Sinode GKJ umadeg SUpados
ruKUN tansah. Malah lumantar GKJ ugi masyarakat Jawi lan saIndonesia SUpados ruKUN tansah.
Sang Prabu Dawud minangka
ratu ingkang ngesuhi sedaya umat lan suku bangsa Israel kepengin sanget ningali
karukunaning sedaya umatipun Allah. Prabu Dawud nglamunaken saiba endah lan
ngremenakenipun menawi sedaya umatipun Allah sami gesang rukun. Menawi sedaya
saged gesang rukun, Prabu Dawud yakin bilih berkahipun Allah mesthi badhe
tansah lumintu tumrah dhateng bangsa Israel. Menawi saged sami rukun, bangsa
lan kraton Israel badhe lestantun gesang salaminipun. Karukunan menika dipun
lamunaken, menika nedahaken bilih karukunan menika boten gampil kawujudaken.
Sanadyan sedaya tiyang sami nyumurupi lan ngakeni bilih karukunan menika endah
lan ngremenaken sanget, elokipun boten sedaya tiyang saged lan remen rerukunan.
GKJ ugi ngakeni bilih
karukunan menika saestu endah lan ngremenaken. Menika kacetha saking sesanti Sangkul
Sinangkul Ing Bot Repot. Kita saos sokur dene awit saking pakaryanipun Gusti,
GKJ boten estu crah, tansah tetunggilan. Ewasamanten, karukunan menika taksih
kedah kabudidaya supados saya maujud nyata ing antawisipun sedaya warganing
pasamuwan, antawisipun sedaya Pendhita, Pinisepuh, Diaken, Guru Injil,
antawisipun pasamuwan satunggal lan sanesipun. Kanthi mekaten, berkah saking
Gusti Allah badhe lumintu tumrah dhateng GKJ lan kebabar dhateng masyarakat
sarta dhateng sedaya titahipun Allah.
“Karukunan nekakake
berkah.”
Rabo 23 Agustus 2017
Waosan : Yehezkiel 36: 33-38 | Pamuji: KPK 143: 1, 3
“Mangkene
pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing
kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan
reruntuhan bakal kabangun maneh.” (ay.33)
Taksih Wonten Pangajeng-ajeng
Punapa wonten perkawis
lintu ingkang saged ngungkuli kabingahaning manungsa ingkang pikantuk
pangluwaran? Tiyang ingkang sakit dados pulih; tiyang ingkang kaukum medal
pakunjaran; tiyang ingkang kaniaya pikantuk pembebasan;
tiyang ingkang dosa pikantuk pangapura. Sakit, kaukum, kaaniaya dados kahanan ingkang dipun alami dening manungsa sarta ndadosaken
manungsa ngraosaken sisah, lungkrah lan pupus kabingahanipun.
Mboten wonten ingkang
langkung mbingahaken, kejawi wangsul ing negarinipun, ing griyanipun piyambak. Negari papan kangge gesang
sesarengan kanthi ayem tentrem. Dene kasunyatanipun Israel kados-kados mokal
kapulihaken karana sanget risakipun. Punapa malih kahanan Israel sampun dipun tilar dangu sanget. Ananging ing kahanan
awrat punika wonten pangajeng-ajeng ingkang endah kaparingaken dening Gusti
Allah tumrap Bangsa Israel. Reruntuhan badhe kabangun malih, tanah ingkang bera
saged katanami malih ngantos malih kados taman Eden. Pancen sedaya punika
taksih dados pangajeng-ajeng, dereng saestu dipun tampeni dening Bangsa
Israel. Ananging saestu kedadosan karana Gusti Allah ingkang paring janji lan
mesti dipun tindakaken kanthi sampurna.
Kasunyatan gesang ing
alam donya punika pancen asring ndadosaken kita wonten ing kahanan mentog,
kados-kados mboten wonten pangajeng-ajeng malih. Manungsa saged paring penilaian, tetimbangan lan putusan
adhedhasar pangertosan, kawruh, teori lan teknologi.
Ananging Gusti punika ngungkuli kekiyatan, pangertosan sarta teori punapa kemawon.
Mila dhateng pundi malih kita saged sambat? Mboten wonten ingkang mokal tumrap
panguwaosipun Gusti. Malah ngantos
kita pejah pangajeng-ajeng punika tetep wonten, inggih punika gesang langgeng
ing swarga.
“Aja nganti nate kelangan pangarep-arep!”
Kamis 24 Agustus 2017
Waosan: 1 Samuel 7:3-13
| Pamuji: KPK 128
“...banjur mundhut watu lan
diadegake.....maringi jeneng iku: Eben Haezer...” (ayat 12)
EBEN HAEZER
Ing kitha Surabaya wonten tugu ingkang kasebat tugu Pahlawan.
Tugu punika inggilipun 41,15 meter (45 yard) wujudipun lingga. Badanipun tugu
arupi lekukan-lekukan (Canalures)
ingkang cacahipun 10 lekukan, kabagi 11 ros. Inggil, ros lan canalures ngemu suaraos tanggal 10, sasi
11, taun 1945. Tugu pahlawan dipun bangun kangge mengeti peperangan 10 Nopember
1945 ing Surabaya. Wegdal punika arek-arek Surabaya mbudidaya nglawan wadya
bala Sekutu lan Walandi ingkang badhe njajah malih Indonesia. Ing kitha sanesipun ugi wonten tugu-tugu
ingkang dipun bangun kangge mengeti pambudiyanipun para pahlawan. Upaminipun:
Tugu muda ing Semarang, kangge mengeti peperangan 5 dinten ing Semarang.
Tebih saderengipun tugu-tugu punika
dipun bangun, ing zamanipun Nabi Samuel
tugu ugi dipun bangun, sasampunipun paprangan antawispun Israel lumawan tiyang
Filisti. Perkawis punika kados kacariyosaken ing dinten punika. Pembangunan
tugu dipun terangaken ing ayat 12: “Nabi
Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana,
panjenengane maringi jeneng iku: Eben Haezer.” Punapa tujuanipun Nabi
Samuel mbagun tugu punika? Punapa kangge mengeti gagahipun tiyang Israel perang
lumawan tiyang Filisti? Mboten, awit
tiyang Israel ajrih ngadhepi tiyang Filisti. Nabi Samuel ngedegaken tugu punika kangge mengeti pakaryanipun Gusti
Allah, Sang Yehuwah. Awit saking pakaryanipun tiyang Israel saged ngawonaken
tiyang Filisti.
Anggen kita sami nglampahi gesang, paprangan ugi kita adhepi, inggih punika perang ngadhepi
momotaning gesang, perang
ngadhepi pacoben. Nanging menawi
kita raosaken, Gusti Allah, Sang Yehuwah ugi mboten negakaken kita. Kita saged menang ing paprangan awit pakaryanipun Gusti
Allah, sanes saking kekiyatan lan kegagahan
kita. Ing ngriki kita sami kaajak ngenget-enget pakaryanipun Gusti punika.
Amin.
“Kabegjan Kang Satuhu Rineksa Gusti.”
Jumat 25 Agustus 2017
Waosan :
Yesaya 28:14-22 | Pamuji: KPJ 3
“Swaramu
angkuh, kandha yèn kowé wis gawé prejanjian karo pati lan wis rukunan karo
donyané wong mati.” (Ayat 15)
Kesed lan
Wegah Nindake Urip Utama
Nalika
dinten Minggu ing
satunggaling dusun Kristen, Mak Yem badhe tindak greja lan nglangkungi
sawetawis tiyang ingkang jagongan ing pinggir margi, aturipun, “permisi,
ndherek langkung mas, pak…amit nuwun sewu. Sawetawis tiyang lajeng mangsuli, ”Monggo”. Ugi
wonten ingkang wicanten, ”dhuh sregepe
muride Gusti Yesus iki, ya ngono ben diberkahi rejeki akeh”….lan sawetawis
gumujeng… Mrihatosaken sanget kedadosan menika awit ingkang mangsuli aturipun Mak Yem
menika nggih warga pasamuwan, bedanipun tiyang-tiyang menika menawi dhateng greja
nalika riyadin kemawon.
Pengalaman
Mak Yem menika ugi dipun alami dening Sono, satunggaling Majelis ingkang nembe
kalantik taun kapengker. Karana rumaos enggal lan kirang wawasanipun lajeng
ngupaya sinau ndherek Pelatihan Majelis
lan
sarana latihan piyambakipun nyobi mimpin PA wonten satunggaling kebaktian.
Nalika rampung kebaktian lan PA menika wonten sawetawis tiyang mungel,
“ngalah-ngalahi pendeta wae”. Begjanipun
Sono mboten lajeng mutung-semplah, piyambakipun tetep semangat anggenipun lelados ing
pasamuwan.
Pamoyok
menika ndadosaken perkawis suci lan sinengker katingal biasa malah kaasoraken. Mboten
karana kirang pangertosan, ananging tetembunganipun ndadosaken boten wonten nilai etis babar pindah. Conto: sengkeran Bujana suci kaping 4 wonten GKJ dipun wastani
rekadaya gereja “ben
pisungsunge bujana okeh”. Menika guyonan boten maton lan
nilar tata krama.
Wonten
ing kitab Jabur 1:1, tiyang mursid menika kedah nebihi 3 perkawis: “pangangene
tiyang duraka”, “dalane tiyang
dosa”, “pajagongane
tiyang memoyok”. Raja
Suleman wonten ing kitab Wulang Bebasan langkung kathah nyupatani tiyang
memoyok katimbang tiyang dosa, karana menawi tiyang dosa dipun engetaken, kawelehaken, kajlentrehaken
lepatipun saged nggetuni, nelangsani tumindakipun. Menawi tiyang memoyok,
sinis, angkuh, keminter nalika kawelehaken namung
gumujeng, ingkang melehaken dipun wirangaken lan dipun sengiti.
Kawusana angkuhing manahipun ndadosaken
piyambakipun tebih saking pamratobat.
“Pamoyok kuwi kaya tameng dilengani, lunyu ora
katembus panah suci.”
Sabtu 26 Agustus 2017
Waosan: Wahyu 3:
1-6 | Pamuji: KPK 95
“Coba éling-élingen menèh, apa sing biyèn wis diwulangaké
marang kowé lan apa sing wis koksaguhi, kuwi tetepana lan kowé padha mratobata.”
(ayat 3a)
NGENGET-ENGET PIWULANG
Saben tiyang mesthi nampi
kathah piwulang. Nalika taksih lare alit nampi piwulang saking bapa-ibu. Nalika
sekolah nampi warni-warni piwulang saking guru. Nalika Kebaktian Anak nampi
piwulang Kitab Suci saking Pamong. Nalika badhe Luwar Tanggung (Sidi) nampi piwulang iman saking
Pendhita. Nalika badhe neningkahan nampi piwulang bab bebrayatan saking
Pendhita lan sanesipun. Nalika badhe mbaptisaken anak utawi baptis diwasa nampi
piwulang saking Pendhita. Mekaten ugi nalika kapiji dados Pinisepuh utawi
Diaken utawi Guru Injil utawi Pendhita utawi miwiti padamelan kita nampi
piweling. Pitakenanipun, piwulang-piwulang menika menapa kemawon? Mbokmenawi
kathah piwulang ingkang kita sampun kesupen. Mbokmenawi kita rumaos bilih
piwulangipun kekathahen, temah kathah ingkang boten kita enget. Nanging
pitakenanipun malih, menapa kita asring utawi nate kanthi sengaja ngenget-enget
piwulang-piwulang menika? Lha..., menika mbokmenawi boten.
Warganing pasamuwan ing Sardis
ugi sampun nampi piwulang lan nyagahi nindakaken piwulang menika. Nanging
kathah warga pasamuwan ing Sardis ingkang boten nindakaken piwulang menika.
Ketingalipun ingkang dados jalaranipun nggih menika warga pasamuwan menika
boten nate ngenget-enget piwulang ingkang sampun dipun sagahi. Ngengeti
winatesing daya pengengetipun manungsa, pramila dipun dhawuhi supados asring
(“...menèh”) ngenget-enget
piwulang menika. Menawi boten dipun enget-enget, kita gampil boten nindakaken
menapa ingkang kedah lan prayoginipun kita tindakaken.
Supados kita saged
nindakaken kanthi temen menapa ingkang dados kuwajiban lan ayahan sarta tanggel
jawab kita, kita kedah asring ngenget-enget piwulang lan piweling ingkang
sampun kita tampeni lan kita sagahi. Swawi kita asring ngenget-enget sedaya
piwulang lan piweling ingkang sampun kita tampeni lan kita sagahi sarta netepi
sedayanipun.
“Ngeling-eling piwulang
lan piweling ndadekake urip utama lan wicaksana.”