dadar bujono
Pendadaran Bujono
27 Oktober 2008
GKJ Ambarawa
Bacaan: Filipi 2:1-13
Nats ayat 12-13
Fondasi Iman Kristen: Kristus ingkang sampun nyuwungaken sarira.
Paulus ngendika: “He para sedulur kang kinasih, kowe iku padha tansah mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe; awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe”. Paulus ngendika ingkang mekaten amargi saweg ngrembag bab Kristologi saking Yesus ingkang “kang sanajan nganggo sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi, nanging malah wus nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa” (ayat 6-7). Tiyang pitados katimbalan ngudi karahayon kanthi ajrih lan geter ingkang dipun dasari dening Spiritualitas Kristus ingkang sampun nyuwungaken sarira lan ngasorake sarira.
Sanes kabereg saking raos ajrih bab neraka, sanes ugi amargi kepengin nampeni pahala lan saking wontenipun control saha tekanan komunitas murih tuwuh harmoni. Ananging tiyang pitados nindakaken kawilujengan/ngudi karahayon mawi ajrih lan geter amargi Kristus ingkang sampun nindakaken pakaryan kawijungan mawi cara nyuwungaken sarira lan ngasoraken sarira. Wonten ing ayat 8: “apamaneh ing sajroning wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarira lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib”. Dasar anggenipun Kristus kersa nyuwungaken sarira lan ngorbanaken sarira ing kajeng salib mboten sanes amargi katresnanipun ingkang kersa ngasoraken sarira. Dados dasar ngudi karahayon/nindakaken kawilujengan tumrapipun tiyang pitados inggih kados Kristus: motip tresna lan kasedyan ngasoraken sarira.
Menawi motip menika sampun tuwuh wontening gesangipun tiyang pitados sampun tamtu tiyang pitados dados gampil anggenipun “dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tunggal sedya, sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna” (ayat 2-3).
Esensi ngudi karahayon kalawan/kanthi ajrih lan geter menika benten kaliyan ngudi karahayon amargi raos ajrih. Nindakaken katresnan amargi kabereg saking raos ajrih menika sejatosipun amargi kasawaban dosa, lan katresnan ingkang makaten mboten sampurna. I Yokanan 4:18:”katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amargi wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane.”
Kanthi mekaten motip ajrih amargi paukuman neraka, ajrih amargi sangsi social mboten saged ngasilaken pribadi ingkang mateng saha bertanggungjawab ing salebeting katresnan, amargi ing batosipun tiyang menika tertekan, terbelenggu, kirang bebas. Kosok wangsulipun ngudi karahayon kalawan ajrih lan geter ingkang dipun dasari prinsip katresnan ndadosaken gesang mboten gadhah raos ajrih. Artos saking ukara “kalawan wedi lan geter” ing mriki mboten ing salebeting konteks destruktif ingkang nglumpuhaken kapribaden, ananging malah kontruktif inggih dayani kita saged nresnani Gusti Allah kanthi gumolonging manah lan budi. Sumangga kita sami ngudi karahayon linandesan pakaryanipun Kristus ingkang sampun kersa nyuwungaken sarira. Amin.