emeritasi

Draf Liturgi Emeritasi 




Paraga Liturgi:
1.      L1                          : Liturgos/ Song Leader Edi Takariyanto
2.      Ps                           : Pasamuwan
3.      Prdt Pangrukti        : Pnt. Hadi Basuki
4.      Pdt1                       : Pdt. Setyo Utomo
5.      Pdt2                       : Pdt. Sugimin Nathanael
6.      Prdt1                      : Pnt. Gatot Wahyudi
7.      Prdt2                      : Pnt. Wismarini
8.      Prdt3                      : Pnt. Yosep PH
9.      Wakil Psw              : Wakil Pasamuan
10.  Pianis                     : Lidya Vita Kusumadewi
11.  Keroncong             : Grup Keroncong Bandungan

A.     PENCAWISAN
                      ·            Pradata, Pandhita, Liturgos, Organis, lan paraga sanesipun ndedonga ing Konsistori kapimpin dening Pangarsaning Pradata GKJ Ngampin
                      ·            Pasamuwan nyamektakaken dhiri sadèrèngipun pangibadah mirunggan punika kanthi lumebet ing wekdal ening. Organis ngungelaken kekidungan KPKA 339

B.     TIMBALAN NGIBADAH                                                                                     Jumeneng
L       Para sedherek ingkang kinasih ing Sang Kristus swawi kita wiwiti Pangibadah Tetepan Emeritasi  Bp. Pdt. Sugimin Nathanael ing dinten menika Sabtu 19 Oktober 2013 kanti jejer “Kautus Dados Margining Berkah”.  (Kita wiwiti kanthi ungeling KPKA 339 kairingan organ)
Ps     Mugi sih rahmating Gusti lan sihing Sang Rama,
wah panunggiling Roh Suci tumraha ing kawula,
Amin.
         (Tumindaking prosesi Pradata Pangrukti, Pdt1, Pdt2   lumebet ing sasana ibadah)                          
Pdt1  He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah. Padha Ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena
Ps     Padha sowana ing ngarsane/  kambi surak-surak
Pdt1  Padha sumurupa / manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah,
Ps     Panjenengane iku kang nitahake kita / lan kita dadi kagungane, umate, lan pepanthan wedhus ngen-ngenane
Pdt1  Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane
Ps     lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana,/ ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane
Pdt1  Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun tumurun

KIDUNG WIWITANING PANGIBADAH KPKA 29: 1-2 (keroncong)
         
1.      Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa kula ngungun gunging kamulyanta
Reff :
nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha Kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha Kwasa.
2.      Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi kekidungan ramya,
wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar sesawangan adi,
Reff :
nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha Kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha Kwasa

C.     VOTUM LAN SALAM
Pdt1     Pangibadah Emeritasi Pandhita  menika katindakaken wonten ing asmanipun Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci
Ps         Amin, Amin, Amin (kairingan organ)
Pdt1     Sih-rahmat lan tentrem rahayu ingkang pinangkanipun saking Gusti Yesus Kristus nunggila ing para sadhèrèk sadaya.
Ps         Ugi nunggila  ing panjenengan.

D. PRATELAN PAMBUKA (kairingan instrumen  organ)                      Lenggah
Pdt1
Tiyang ingkang rumaos asor drajadipun, lajeng dipun ajeni dening priyantun luhur, mesthi badhe sagah nindakaken karsanipun priyantun punika. Lah makaten ugi ingkang lumampah ing gesangipun  nabi Yesaya. Swaunipun nabi Yesaya rumaos asor, nistha lan najis ing ngarsanipun Gusti, ananging Gusti karsa nucekaken saranduning gesangipun, kawiwitan ing tutukipun. Panyucen  punika dipun tindakaken dening Gusti piyambak, namung amargi sih kamirahanipun. Kasucen punika kanugrahanipun Gusti ingkang ageng ingkang kaparingaken lelahan. Kasucekaken lan ningali kaluhuranipun Gusti, ndamel nabi Yesaya atur wangsulan dhateng  Gusti: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!” Nabi Yesaya sagah kautus dening Gusti nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Katingal kanthi bingah, tanpa  awrating manah, tanpa mangu-mangu anggenipun Nabi Yesaya ngayahi timbalanipun Gusti. Kita sajatosipun ugi tiyang ingkang nistha lan najis yen boten pinaringan kanugrahanipun Gusti. Nanging kasunyatanipun kita sampun kaparingan nugrahanipun Gusti kanthi lelahan ugi, boten karana kamursidan kita. Kita sampun kasucekaken saking jejembering dosa klayan rahipun Gusti Yesus. Malah kita sampun kapitulungan rahayu  awit saking pangurbanan nyawanipun.  Mesthinipun kita ugi kanthi bingah  netepi timbalanipun Gusti, nindakaken punapa ingkang dados karsanipun tumrap kita.  Yen rumaos awrat netepi timbalanipun Gusti, swawi kita enget dhateng kanugrahanipun Gusti ingkang lelahanan ingkang sampun kita tampeni. Wonten ing Panembah Pangabekti Tetepan Emeritasi Bp. Pandhita Sugimin Nathanael kita kautus lelados dados margining berkah
KIDUNG PAMUJI KPKA 141 GESANG DADOS KIDUNG (keroncong)    
1.      Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran,
wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan,
ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti,
srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.
3.    Pocapan wah tingkah laku
mobah mosiking kalbu,
dadya kidung konjuk Allah wit sih rahmatnya tumrah,
sayogya sengkut makarya kagem Kratoning Allah,
yeku sokur trusing driya konjuk mring Gusti tansah

E.     PANGAKENING DOSA
Prdt1    Ing sakwijining dina ana ahli toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus ature Guru punapa ingkang kedah kawula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng? Paring wangsulane Gusti Yesus; kang katulisan ing Toret kapriye? apa kang kok waca ing kono? Atur wangsulane wong iku: sakabehing kakuwatanmu apadene kalawan gumolonging budimu Kowe tresnaa marang Pangeran Allahmu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan, Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau:Wangsulanmu iku bener, iku lakonana temah kowe bakal urip
Ps        Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti
(KPKA 53 organ)
Pdt1     Samangké, swawi kita ngasoraken dhiri ing ngarsanipun Gusti, lumantar pandonga pangakening dosa. Kita nglenggana bilih lampahing gesang kita awon kepara asor. Kita asring damel sekel galihipun Gusti dadosa lumantar pamawas, pitembungan punapa déné lampah. Ing salebeting pandonga nyuwun pangapuntening dosa punika, para sadhèrèk kula aturi ugi sami ngunjukaken pandonga pribadi.
Ps        Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti KPKA 53
(organ)
Prdt2    Gusti kawula sadaya sami rumaos saha ngraosaken bilih kawula dereng saged sakwetahipun nglampahi timbalan Paduka minangka abdi panglados menggahing pasamuan Paduka. Kawula asring nglirwakaken Dhawuh Paduka lan namung nenga-nengenaken pikajeng kawula piyambak. Asring sanget kawula ngremehaken wigatosing lelados lan mboten mbudidaya indhaking kasagedan anggen kawula lelados. Kasaenan sekedhik ingkang kasunyatan in gesang kawula, ananging tanpa winates rumentahing berkah Paduka ingkang tansah kawula ajeng-ajeng. Dhuh Gusti mboten pantes kawula dados panglados paduka, keparenga Gusti paring pangapunten............................ 
Ps        Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti
  (organ)

Wkl Ps ..............
Dhuh Gusti minangka jejering pasamuan, kawula asring rumaos dados panguwaos ing antawisipun sesami kawula. Rumaos remen dipun ladosi, tanpa purun sinau angladosi. Kawula tansah nenga-nengenaken hak ananging tansah nglirwaaken kuwajiban anggen kawula masamuwan. Kawula tansah ngekahi pangertosan kawula ingkang cupet satemah asring nuwuhaken cecongkrahan. Kawula saestu dereng saged dados warganing pasamuwan ingkang mujudaken umat kagungan Paduka, kaampuntena dosa-dosa kawula Dhuh Gusti ...............
Ps        Aneng ngarsane Gusti binuka isining kalbu,
sanyata najis uripku aneng ngarsane Gusti
(organ)

KIDUNG PRATÉLANING PANALANGSA KPKA 51 GUSTI PANANGGEL KULA (Keroncong)
1.       Aku wong kang dosa, ngungsi maring Gusti
temahan den sucekna, wit rahe kang suci
Reff :
Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur
2.       Dhuh Gusti Pamarta mung kwasa Paduka
ingkang saged ngluwari kula saking dosa.
Reff :
Sang Kristus Gusti, Panebus yekti,
nadyan dosaku agung, nging Gusti wus nglebur
F.      Pawartos Sih Rahmat                                                                                  Jumeneng
Pp        Tumrap soksintena tiyang  ingkang sampun kepareng nelangsani dosa-dosanipun lumebet wonten gesang enggal lan pamratobat,  Gusti paring sih-rahmat ingkang mekaten” 23Jangkahe wong dikukuhake dening Pangeran Yehuwah, anggere lakune wong mau dadi keparenge Pangeran;24 samangsa tiba ora nganti gumuling, amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane.25 Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa, aku durung tau nyumurupi wong mursid kategakake, utawa anak-putune padha luru-luru pangan“ (Jabur 37: 23 - 25). Makaten sih-rahmatipun Gusti!
Psw      Puji sokur konjuk Gusti.

Pitedah Gesang Enggal
Pp        Dene pitedhah gesang enggal winedhar  wonten ing Serat 1 Korinta 15:58 mekaten dhawuhipun Gusti ”Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra” . Mekaten pitedah gesang enggal saking Gusti
Psw      Kawula sumadya nglampahi pangandika Paduka
KIDUNG KESANGGEMAN  KPKA 82 TEKADE MANAH KAWULA (keroncong)
1.       Tekading manah kawula tansah ndherek mring Gusti
yeku Panutan sanyata nggih Panebus sejati
Reff :
margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki.


2.       Kula mesthi ndherek Gusti ngantos -slami-laminya
nggih martosken Injil suci margining tyang waluya
Reff :
margining salib ingambah mbangun turut mring Allah
mbabarken tresna sejati mrih jagad tentrem basuki
G.    PANDONGA SOKUR LAN SYAFAAT (Pdt1)                                                      Lenggah

H.    PELADOSAN PANGANDIKA
Maos 2 Korintus 11:23-29
I.       EMERITASI PANDHITA
1.      Pratelan Emeritasi
Pasamuwan kagunganipun Gusti, kados ingkang sampun kawartosaken ing pawartos pasamuwan, ing pangibada  punika badhe kaladosaken Emeritasi Pandhita tumrap Bp. Pdt. Sugimin Nathanael.
Gusti Yesus Kristus sampun karsa mbangun pasamuwan, inggih menika patunggilanipun tiyang pitados ingkang nampeni kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus Kristus. Pasamuwan kabangun srana Pangandika lan Roh-ipun Gusti supados tuwuh, ngrembaka tumuju dhateng kasampurnan. Ing salebeting mbangun Pasamuwan Panjenenganipun nimbali lan ngagem para pelados mirunggan inggih menika Pinisepuh, Pandhita, lan Diaken.
Para sedherek ingkang kinasih, benten kaliyan Pinisepuh lan Diaken ingkang wekdal peladosanipun winates. Kalenggahan Pandhita kaparingaken salamining gesang. Sinaosa mekaten minangka manungsa ingkang winates karosanipun, anggenipun nindakaken timbalan Pandhita sacara formal – struktural sampun dumugi wekdal purnabekti  utawi emeritus  jumbuh kaliyan Pranatan Gereja Kristen Jawi. Pandhita ingkang sampun emeritus, sacara struktural sampun mboten lenggah minangka Pradataning Pasamuwan, lan mboten kedah nindakaken ayahaning pasamuwan kanthi sakwetahing wekdalipun.
Dinten menika, Bp. Pdt. Sugimin Nathanael minangka Pandhita ing GKJ Ngampin sampun dumugi wekdal emeritusipun.
Sakmenika Sedherek kinasih Bp. Pdt. Sugimin Nathanael ingkang badhe lumebet ing wekdal emeritus kaaturan jumeneng.
(Bp. Pdt. Sugimin Nathanael jumeneng jinajaran Ibu Suyati)

Bp.Pdt. Sugimin Nathanael ingkang kinasihan wonten ing Gusti Yesus Kristus, kados pangandikanipun Gusti ingkang mekaten suraosipun ”Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae sangisoring langit iki ana wayahe” pramila ing  dinten menika Sabtu, surya kaping 19 Oktober warsa 2013, sacara resmi Bp. Pdt. Sugimin Nathanael dados Pandhita Emeritus

Atur panuwun dhateng Gusti
Puji sokur konjug wonten ing ngarseng Dalem Gusti Yesus Kristus ingkang sampun nyantosakaken panjenengan lelados ing pasamuwan menika, awit Gusti Allah  mirsa bilih panjenengan setya tuhu nindakaken peladosan timbalanipun. Amin

Pasrahing Akta Emeritasi

Atas nami Greja-greja Kristen Jawi, Pradataning Pasamuwan sumrambahipun warganing pasamuwan GKJ Ngampin, Klasis Salatiga Ering Ler,  lan Sinode GKJ, kawula ngaturaken gunging panuwun dhateng
1)      Pdt. Emeritus Sugimin Nathanael ingkang sampun nindakaken timbalanipun kanthi tanggel jawab lan setya, sarta sesarengan nindakaken peladosan dumugi wekdal samangke
2)      Garwa punapa dene para putra ingkang sampun nyengkuyung anggenipun Bapa Pdt. Emeritus Sugimin Nathanael nindakaken timbalanipun Gusti ing pasamuwan

Bp. Pdt. Emeritus Sugimin Nathanael inkang kinasih, panjenengan sampun nindakaken ayahan peladosan  kanthi setya tuhu dumugi ing wekdal emeritus. Pasamuan GKJ Ngampin sakmenika sampun samsaya ngrembaka, sedaya kala wau awit Gusti sampun kepareng ngagem peladosan panjenengan. Sumangga pasamuan kagunganipun Gusti menika tansah panjenengan tresnani, biyantoni, dongaken supados pasamuan menika sageda tansah lestantun gesangipun lan adegipun estu-estu dados sarana kagem Gumelaring Kratoning Swarga.
Sinaosa pajenengan sampun lumebet ing swasana emeritus ananging laboh labet lan peladosan panjenengan dhateng Gusti tansah kita antu-antu sesarengan sae wonten ing satengahing pasamuwan punapa dene ing masyarakat. Kanthi mekaten saestu panjenengan badhe dados Duta Ingkang Dados Margining Berkah! awit kita pitados bilih wonten ing patunggilanipun Gusti kangelan kita mesthi mboten muspra.

2.      Pandonga Sokur                                                                                Jumeneng
Para Pandhita, Wakil Pradata, lan Wakil Warganing Pasamuan kepareng angepung Bp. Pandhita Emeritus Sugimin Nathanael (Sakpurnanipun pandonga Para Pandhita, Wakil Pradata, lan Wakil Warganing Pasamuwan tumuju ing papan sakawit)

3.      Pamuji Sokur  Umat kanthi Kekidungan Mirunggan ” Bapa Engkau Sungguh Baik” (keroncong)
Bp. Pdt1. Setyo Utomo ngaturaken Kitab Suci dhateng Bp. Pdt2. Emeritus S. Nathanael

Bapa engkau sungguh baik
kasih-Mu melimpah di hidupku
Bapa ku berterima kasih
berkat-Mu hari ini
yang Kau sediakan bagiku
Reff     
Kunaikkan syukurku
buat hari yang Kau b’ri
tak habis-habisnya kasih dan rahmat-Mu
s’lalu baru dan tak pernah
terlambat pertolongan-Mu
besar setia-Mu di s’panjang hidupku

J.      KHOTBAH EMERITUS / KHOTBAH BUNGSU
1.      Maos Kitab Suci saking Injil Lukas 17: 1 -10 (Saksampunipun maos” Makaten Injiling Yésus Kristus. Ingkang rahayu inggih punika sadaya tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken. Haléluya!
Pasamuwan ngidungaken                       Halleluya 3X (organ)
2.      Wedharing Sabda Pangandikanipun Gusti kanthi Jejer Kautus Dados Margining Berkah
3.      Wekdal Ening sakwetawis (instrumen organ)
4.      Pamujining Umat KPKA 195: 1 – 2 Isining Kitab Suci (keroncong)
1.       Isining kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran
dadya srana suka piwulang margining kautaman
Reff :
dimen tyang pitados tansaha rumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami (
Bp. Pdt. Emeritus S. Nathanael mandhap saking mimbar kagantos Bp. Pdt. Setyo Utomo, S.Th. ngantos paripurnaning Pangibadah Emiritasi)

2.       Tyang lepat kraos winelehna dening sabdaning Kang Ma'kwasa
tyang dosa gya samya mratobat nampenana sih rahmat
Reff :
dimen tyang pitados tansaha rumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami
Bp. Pdt. Emeritus S. Nathanael mandhap saking mimbar kagantos Bp. Pdt. Setyo Utomo ngantos paripurnaning Pangibadah Emeritasi



K.    PANGATAG PISUNGSUNG DENING PRADHATANING PASAMUAN
Prdt3   Sumangga kita mratélakaken pangucap sokur kita konjuk ngarsanipun  Gusti ingkang sampun nglubèraken berkahipun ing gesang padintenan kita. Wondéné pangandikanipun Gusti minangka tetales kita ngucap sokur, kapethik saking Wulang Bebasan 3: 9 – 10, 16” mekaten Sabdanipun Gusti” 9Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;10temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure. 16Tangane tengen nggegem umur dawa, kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan. Pisungsung kakempalaken kinanthenan ungeling KPKA 187: 1 –
1.      Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaningPangeran
2.      Tangan suku kawula nindakken pakaryannya,
mrih sesami basuki nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti

3.      Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih rahmat,
temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datan kendhat pinuji
4.      Bandha lan kasugihan, wegdal wah kasagedan,
nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata
Pandonga Pisungsung                                                                                                        Jumeneng
L.     PANGAKEN PITADOS RASULI  (Prdt 3)                                           
Sesarengan umat pitados ing salumahing bumi, sadhéngah papan saha wekdal, kita pratelakaken kapitadosan kanthi ngucapaken Sahadat Kalihwelas

M.   PANGUTUSAN LAN BERKAH      
Pdt1  :  Sami ngenerna manah dhumateng Gusti.
Ps     :  Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti.
Pdt1  :  Gusti Allah ngutus panjenengan dados margining berkah
Ps     :  Kawula sumadya dados utusan Paduka
Pdt1  :  Mengkera kanthi tentrem  rahayu
Ps     :  Pinujia Gusti, / samangké dumugi salaminipun.
Pdt1  :  Samangké nampènana berkahipun Gusti:
            “Pangéran Yéhuwah mberkahi panjenengan lan ngayomi panjenengan. Pangéran Yéhuwah nyunaraken cahyaning wedananipun dhateng panjenengan  lan maringi sih-rahmat. Pangéran Yéhuwah nungkulaken wadananipun dhateng panjenengan  lan maringi tentrem-rahayu”.
Ps     Haleluya 5X Amin 3X (organ)

N.     Kidung Panutup KPKA 111 GUSTI NUNTUNA KAWULA            Jumeneng
(keroncong)
Gusti mugi sampun ngantos nilar kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka,
Reff :
Gusti mugi nuntun kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka
Gusti mugi myarsakaken pasambat kula
sinten malih ingkang dadya pangungsen nyata,
Reff :
Gusti mugi nuntun kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduk
Nggen kula darbe panyuwun mung sih Paduka
ingkang kula damel uger miwah landhesan,
Reff :
Gusti mugi nuntun kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka.




Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009