In Memory: Pak waluyo

"Namung dados srana"
(Mrk 8: 34-38) nats ayat 36.
“ Apa gunane wong oleh jagad iki kabeh, nanging kelangan nyawane?


Prastawa ingkang samangke kelampahan sampun tamtu ndamel kita sami geter. Nyata bilih sabdanipun Gusti Minggu kalawingi, nalikanipun kita sami nampeni Bujono tumus. Rawuhipun Gustis Yesus menika mboten kita nyana-nyana. Kita ingkang kalawingi sami nampeni peladosanipun pak Waluyo (ing salebeting Bujana Suci) mboten sami nginten menawi samangke kita kedah rawuh sami nderekaken pak waluyo sowan ing ngarsaning Gusti.

Prastawa menika Ndamel kita sami geter, amargi nyata bilih kita menika kedah sami sumadya. Tansah Cecawis methuk rawuhipun Gusti ing  Gesang kita. Kita ingkang sewau saweg ngraosaken ecaning gesang  lan mboten menggalihaken bab pepejah. Kadadosaken semlengeren amargi wontenipun kawontenan: sakwanci-wanci kita kedah katimbalan. Mboten saged kita tampik, kita srekal, utawi kita awis.

Injil sonten menika wujud satunggaling wejangan ingkang kebak makna/wos ngengingi kados pundhi anggen kita ngetut wingking lan anderekaken Gusti Yesus.

Sumangga kita focus/njingglengi  wonten ing ayat ingkang suraosipun : “ Apa gunane wong oleh jagad iki kabeh, nanging kelangan nyawane?

Sumangga kita mapanaken pangandikanipun Gusti kalauwau ing konteks/kahanan jaman samangke:
Punapa ginanipun sepeda motor ananging mboten saged nitihi? Punapa ginanipun gadah handpone canggih ananging mboten saged migunaaken? Punapa ginanipun nggadahi griya kados istana mewah, ananging gesang ijen amargi mboten wonten tiyang ingkang purun mertamu? Punapa ginanipun kita wonten ing pucuking redi, ananging kita rumaos ijen tanpa kanca, lan mboten wonten ingkang sami mangertosi?

Samudayanipun punika tanpa faedah/ tanpa mupangati menawi manah kita mboten nengenaken punapa ingkang sinebat sesambetan. Sedaya mboten wonten ginanipun menawi mboten kangge sesami.

Sedaya ingkang dados prioritas sedaya tiyang inggih punika: punapa kemawon ingkang kita gadahi, sae punika pangkat, banda, jabatan, posisi, artha punapa srananing gesang asanesipun mugi dadosa srana utawi jembatan tumrap sesame, mboten malahan dados benteng utawi sesiged, pepalang, penghalang kita kaliyan sesame kita. Sanajan alit utawi andhap kawontenan kita ananging menawi menika kaginakaken kangge sesami lan kangge nresnani lan ngladosi sesame, sampun tamtu badhe ageng mupangatipun.

Pak Wal sampun negesi kados makaten. Posisi minangka pelados, posisi minangka anggota masyarakat Rt… kalipawon, daya kekiyatan saha sedaya gesangipun sampun dipun tegesi minangka srana. Srana sesambetan. Srana nresnani. Srana lelados. Pramila dumateng brayat sungkawa, kepareng kula matur: sumangga dipuntegakaken. Sugengipun pak Wal, saestu sampun mujudaken gesang ingkang lelados. Gesang ingkang migunani tumrap sesami. Lan kita pitados, pak wal bakal nampeni pituwasipun anggen nderek ngetut wingking Gusti. Inggih punika karahayon langgeng.

Pramila sumangga kita iingkang taksih katitipan nyawa, banda, pangkat punapa dene kedudukan, menika kita tegesi minangka wewengan ingkang kaparingaken dening Gusti kangge kita supados kita ugi saged dados srana.

Dados sepisan malih, kehadiran kita, sarta sedaya ingkang wonten ing gesang kita punika peparingipun Gusti ingkang kedah kaagem dados srana/saluran berkahipun Allah kangge sesami.

Pak Wal, maturnuwun. Kula nyulihi ingkang samangke makempal, kepareng matur: Panjenengan sampun paring tuladha ingkang cetha. Bilih gesang l;an pirantining gesang menika namun saderma srana. Saluran. Amin.



Postingan populer dari blog ini

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bp Suwondo

Tata Ibadah Bidston Syukur Keluarga Bpk/Ibu Karep Purwanto Atas rencana Pernikahan Sdr.Petrus Tri Handoko dengan sdr.Nining Puji Astuti GKJ Ambarawa, 3 Mei 2013

LITURGI ULANG TAHUN PERKAWINAN KE 50 BP.SOEWANTO DAN IBU KRIS HARTATI AMBARAWA, 19 DESEMBER 2009